Tembang macapat

Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, 1865, #1747

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, 1865, #1747

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
27 dari 34
110–111 dari 133
1.098–1.107 dari 1.325
27.07 kagyat nulya dènnya tangi | Ki Karèbèt gènnya nendra | sawungunira ge-age | arsa wau tur uninga | marang Ki Agêng Sela | gya prapta ing ngarsanipun | ngaturkên supênanira ||
27.08 anêmbah konjêm ing siti | ing ngarsa Ki Agêng Sela | Ki Karèbèt matur alon | kawula atur uninga | inggih badan kawula | asupêna wau dalu | katingal anêdha wulan ||
27.09 pan têlas wulan satunggil | gih kula têdha piyambak | langkung eca ing raose | makatên raosing wulan | kadospundi punika | inggih ing wahananipun | kadospundi jarwanira ||
27.10 Ki Gêdhe Sêsela angling | iya bêcik iku uga | lah aja sira wiraos | iku impèning narendra | têmah gawe cilaka | Ki Gêdhe micarèng kalbu | wau Ki Gêdhe ing Sela ||
27.11 yèn sun rasa-rasèng ati | gaibe Hyang Mahamulya | ya ta tan kêna ginawe | lan malih jênênging jalma | datan kêna dèn ina | ingsun iki pan kalangkung | anênêdha ing Hyang Suksma ||
27.12 prandene tan sinung mami | kudu tumitah ing liyan | baya ta uwis karsane | nanging kayapriye uga | yèn tan tinututana | sapakantuk kawulèku | ina yèn tan istiyara ||
27.13 mangkana wau winarni | Kyai [2: 68] Agêng ing Sêsela | wus asaos dhaharane | Ki Karèbèt ingancaran | sarêng sami adhahar | wus sami adhahar tuwuk | pan Ki Gêdhe ing Sêsela ||
27.14 sawuse samya abukti | Ki Karèbèt tan antara | saksana aluntak age | ngarsane Ki Agêng Sela | sigra utah-utahan | lajêng kinokop tan gigu | wau Ki Gêdhe ing Sela ||
27.15 mapan awis kang nglampahi | kadya Ki Agêng ing Sela | atêgêg ngokopi age | baya Ki Agêng ing Sela | wus takdiring Hyang Suksma | ing satêdhak-têdhakipun | anurunakên nugraha ||
27.16 wusing mangkana winarni | Kyai Agêng apitêdah | dhumatêng Kyai Karèbèt | mangkana pitêdahira | kaki Karèbèt sira | yèn sira arsa katêmu | iya ing supênanira ||
110–111 dari 133