Tembang macapat
Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, 1865, #1747
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, 1865, #1747
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
28–29 dari 34
113–114 dari 133
1.123–1.132 dari 1.325
| 28.10 | awilêtan cahyane amanis | nadyan silih wijiling wong desa | bocah iki unusane | hèh sira ingsun pundhut | mari anèng pamanirèki | sira sun aku anak | Ki Jaka wotsantun | sultan minggah salat ngasar | sabakdane kondur lan Ki Jaka Tingkir | kinanthi manjing putra || |
| 29. Kinanthi | |
| 29.01 | sapraptanirèng kêdhatun | wau Ki Jaka ing Tingkir | winor lawan panakawan | miwah putra alit-alit | lamun sang nata cangkrama | tan pisah Ki Jaka Tingkir || |
| 29.02 | nitih garbong bale lumur | para garwa jêbad bèdri | apêpara marang wana | sang nata misah pribadi | wuruke kalih binêkta | katiga Ki Jaka Tingkir || |
| 29.03 | anitih tunggil lan wuruk | binêrêg misah wanadri | ana sima gumarosak | ngandika sri narapati | hèh apa kumrosak ika | wuruk satunggil wotsari || |
| 29.04 | punika sima pukulun | ngandika sri narapati | apa wadon apa lanang | wuruk matur awotsari | dhuh gusti anuwun duka | kilap jalu lawan èstri || |
| 29.05 | Ki Jaka Tingkir wotsantun | lumumpat ing garbong aglis | sigra dènnya bujung sima | cinandhak sima wus kêni | binopong maring ngayunan | praptèng ngarsane sang aji || |
| 29.06 | sang nata tumingal guguk | langkung trêsnanirèng galih | wuwuh dènnya kapracaya | wau Ki Jaka ing Tingkir | yèn amêng-amêng mring toya | sêsungapaning jaladri || |
| 29.07 | sang nata anitih jukung | palwa lêlumban tan kari | titihanipun sang nata | Ki Jaka munggèng ing canthik | yèn ana [2: 72: a...na] gumêbyur toya | Ki Jaka kinèn gêbyuri || |
| 29.08 | apa banène gumêbyur | Ki Jaka kinèn gêbyuri | salulup asbujung[1] baya | cinandhak binopong aglis | baya datan duwe karkat | wus katur sri narapati || |
| 29.09 | langkung tyas marwata sunu | asih mring Ki Jaka Tingkir | katongton prawiranira | mangkana sri narapati | wadya prawira tamtama | kalih atus kang sinêlir || |
113–114 dari 133
| 1 | ambujung. (kembali) |