Tembang macapat

Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, 1865, #1747

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, 1865, #1747

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
28–29 dari 34
112–113 dari 133
1.120–1.129 dari 1.325
28.07 samya dhodhok jêng sultan duk prapti | lamun sultan dupi sampun minggah | anulya lumêbêt kabèh | wau ta Kyai Ganjur | nyènèng maring Ki Jaka Tingkir | thole sira dhodhoka | wau sang aprabu | Ki Jaka kèndêl kewala | sarêng cêlak wau Ki Jaka ing Tingkir | malumpat mungkur sigra ||
28.08 sakilèning balumbang wus pranti |[1] kangjêng sultan kagyat duk tumingal | mèsêm alon timbalane | anake sapa iku | Kyai Ganjur gupuh wotsari | pukulun anak kula | rare saking dhusun | Nyai Gêng Tingkir sutanya | angandika sun pundhut sutanirèki | undangên sutanira ||
28.09 Jaka Tingkir ing ngarsa wus prapti | sakalangkung mabukuh rahadyan | jêng sultan lon padangune |[2] sapa aranirèku | bocah desa dene apêkik | Ki Jaka matur nêmbah | pukulun sang prabu | pun Jaka Tingkir kawula | kangjêng sultan pangandikane abêcik [2: 71] | solahe tandukira ||
28.10 awilêtan cahyane amanis | nadyan silih wijiling wong desa | bocah iki unusane | hèh sira ingsun pundhut | mari anèng pamanirèki | sira sun aku anak | Ki Jaka wotsantun | sultan minggah salat ngasar | sabakdane kondur lan Ki Jaka Tingkir | kinanthi manjing putra ||
29. Kinanthi
29.01 sapraptanirèng kêdhatun | wau Ki Jaka ing Tingkir | winor lawan panakawan | miwah putra alit-alit | lamun sang nata cangkrama | tan pisah Ki Jaka Tingkir ||
29.02 nitih garbong bale lumur | para garwa jêbad bèdri | apêpara marang wana | sang nata misah pribadi | wuruke kalih binêkta | katiga Ki Jaka Tingkir ||
29.03 anitih tunggil lan wuruk | binêrêg misah wanadri | ana sima gumarosak | ngandika sri narapati | hèh apa kumrosak ika | wuruk satunggil wotsari ||
29.04 punika sima pukulun | ngandika sri narapati | apa wadon apa lanang | wuruk matur awotsari | dhuh gusti anuwun duka | kilap jalu lawan èstri ||
29.05 Ki Jaka Tingkir wotsantun | lumumpat ing garbong aglis | sigra dènnya bujung sima | cinandhak sima wus kêni | binopong maring ngayunan | praptèng ngarsane sang aji ||
29.06 sang nata tumingal guguk | langkung trêsnanirèng galih | wuwuh dènnya kapracaya | wau Ki Jaka ing Tingkir | yèn amêng-amêng mring toya | sêsungapaning jaladri ||
112–113 dari 133

 


1 prapti. (kembali)
2 pandangune. (kembali)