Tembang macapat
Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, 1865, #1747
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, 1865, #1747
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
29 dari 34
114–115 dari 133
1.139–1.148 dari 1.325
| 29.16 | datan kalêbu wong iku | ingundurakên tumuli | linawan tanpa gêgaman | karo asta amatèni | tinapuk miwah dhinupak | maesa danu ngêmasi [2: 73] || |
| 29.17 | miwah lan maesa danu | angêmbari padha siji | pinatèn tanpa gêgaman | karo asta amatèni | kang banthèng miwah maesa | ingadu padha sawiji || |
| 29.18 | pagunungan urut dhusun | wong kang luwih rosa sêkti | samya malêbu tamtama | sadaya dipun ayoni | ana dadi ana ora | mangkana ingkang winarni || |
| 29.19 | ana wong luwih pinunjul | ing Kêdhu wismaning Pingit | Dhadhungawuk namanira | têguhe kapati-pati | malèsèt katiban braja | pan kadya balabag wêsi || |
| 29.20 | lir sinosog godhong têbu | tan ana kang miyatani | sakèh braja tan tumama | Dhadhungawuk duk miyarsi | kalamun sri naranata | amilihi wong sinêlir || |
| 29.21 | Dhadhungawuk wus malêbu | wus prapta Dêmak nagari | lajêng anjujug paseban | ing sangandhaping sitinggil | ênggon prawira tamtama | Ki Dhadhungawuk wus linggih || |
| 29.22 | rahadèn lurah duk wau | lagya ngandikan mring puri | Dhadhungawuk tinakonan | kawula inggih ing Pingit | arsa malêbêt tamtama | dene kawula nèng jawi || |
| 29.23 | tanpa tandhing sampun wudhu | sakathahing wêsi kalis | sarêng kawula miyarsa | lamun gusti sri bupati | karya prawira tamtama | amilihi wong sinêkti || |
| 29.24 | kang tangguh prawirèng kewuh | mila kawula puniki | katura maring narendra | tamtama samya nauri | mangke anggèr radèn lurah | lagya ngandikan mring puri || |
| 29.25 | tan adangu nulya rawuh | wau Ki Jaka ing Tingkir | obah prawira tamtama | Radèn Jaka wus alinggih | umatur umbul tamtama | agèr[1] punika wong Pingit || |
114–115 dari 133
| 1 | anggèr. (kembali) |