Tembang macapat
Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, 1865, #1747
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, 1865, #1747
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
29 dari 34
114–115 dari 133
1.133–1.142 dari 1.325
| 29.10 | jinangkêpan kawan atus | kang samya prawirèng jurit | kang tate susur gudebag | parung lawan cèkèl biring | sêsogok kudhup cêpaka | cêcêg-cêcêg cacing kanil || |
| 29.11 | ababus[1] prawirèng kewuh | jêtmika alus ing budi | limpad pasanging graita | sêmu wiweka nrangwèsthi | wadya prawira tamtama | sadaya samya jrih asih || |
| 29.12 | wus kinarya lurahipun | wau Radèn Jaka Tingkir | sinung nama Radèn Jaka | ing Tingkir lurah kêkasih | misuwur wong sabintara | lamun Radèn Jaka Tingkir || |
| 29.13 | dadi panjanging kêkidung | dadi kondhang wong sabumi | dadi ujaring walanjar | răndha nom akèh kapengin | sanadyan samia priya | brăngta mring Ki Jaka Tingkir || |
| 29.14 | sandhung jêkluk tiba kabruk | sambat Radèn Jaka Tingkir | kajêngkang karangkang-rangkang | sambat Radèn Jaka Tingkir | ing alun-alun Bintara | sêmana ing sabên enjing || |
| 29.15 | lêbone tamtama iku | sutaning mantri bupati | jinajalan ingadu prang | lan banthèng samya satunggil | lamun banthènge tan pêjah | karo tangan tan ngêmasi || |
| 29.16 | datan kalêbu wong iku | ingundurakên tumuli | linawan tanpa gêgaman | karo asta amatèni | tinapuk miwah dhinupak | maesa danu ngêmasi [2: 73] || |
| 29.17 | miwah lan maesa danu | angêmbari padha siji | pinatèn tanpa gêgaman | karo asta amatèni | kang banthèng miwah maesa | ingadu padha sawiji || |
| 29.18 | pagunungan urut dhusun | wong kang luwih rosa sêkti | samya malêbu tamtama | sadaya dipun ayoni | ana dadi ana ora | mangkana ingkang winarni || |
| 29.19 | ana wong luwih pinunjul | ing Kêdhu wismaning Pingit | Dhadhungawuk namanira | têguhe kapati-pati | malèsèt katiban braja | pan kadya balabag wêsi || |
114–115 dari 133
| 1 | abagus. (kembali) |