Tembang macapat

Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, 1865, #1747

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, 1865, #1747

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
29 dari 34
114–115 dari 133
1.136–1.145 dari 1.325
29.13 dadi panjanging kêkidung | dadi kondhang wong sabumi | dadi ujaring walanjar | răndha nom akèh kapengin | sanadyan samia priya | brăngta mring Ki Jaka Tingkir ||
29.14 sandhung jêkluk tiba kabruk | sambat Radèn Jaka Tingkir | kajêngkang karangkang-rangkang | sambat Radèn Jaka Tingkir | ing alun-alun Bintara | sêmana ing sabên enjing ||
29.15 lêbone tamtama iku | sutaning mantri bupati | jinajalan ingadu prang | lan banthèng samya satunggil | lamun banthènge tan pêjah | karo tangan tan ngêmasi ||
29.16 datan kalêbu wong iku | ingundurakên tumuli | linawan tanpa gêgaman | karo asta amatèni | tinapuk miwah dhinupak | maesa danu ngêmasi [2: 73] ||
29.17 miwah lan maesa danu | angêmbari padha siji | pinatèn tanpa gêgaman | karo asta amatèni | kang banthèng miwah maesa | ingadu padha sawiji ||
29.18 pagunungan urut dhusun | wong kang luwih rosa sêkti | samya malêbu tamtama | sadaya dipun ayoni | ana dadi ana ora | mangkana ingkang winarni ||
29.19 ana wong luwih pinunjul | ing Kêdhu wismaning Pingit | Dhadhungawuk namanira | têguhe kapati-pati | malèsèt katiban braja | pan kadya balabag wêsi ||
29.20 lir sinosog godhong têbu | tan ana kang miyatani | sakèh braja tan tumama | Dhadhungawuk duk miyarsi | kalamun sri naranata | amilihi wong sinêlir ||
29.21 Dhadhungawuk wus malêbu | wus prapta Dêmak nagari | lajêng anjujug paseban | ing sangandhaping sitinggil | ênggon prawira tamtama | Ki Dhadhungawuk wus linggih ||
29.22 rahadèn lurah duk wau | lagya ngandikan mring puri | Dhadhungawuk tinakonan | kawula inggih ing Pingit | arsa malêbêt tamtama | dene kawula nèng jawi ||
114–115 dari 133