Tembang macapat
Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, 1865, #1747
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, 1865, #1747
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
29 dari 34
115–116 dari 133
1.147–1.156 dari 1.325
| 29.24 | kang tangguh prawirèng kewuh | mila kawula puniki | katura maring narendra | tamtama samya nauri | mangke anggèr radèn lurah | lagya ngandikan mring puri || |
| 29.25 | tan adangu nulya rawuh | wau Ki Jaka ing Tingkir | obah prawira tamtama | Radèn Jaka wus alinggih | umatur umbul tamtama | agèr[1] punika wong Pingit || |
| 29.26 | kêdah katura [2: 74: katur...a] pukulun | ing rama sri narapati | manjing prawira tamtama | mèsêm Radèn Jaka Tingkir | abot wong dadi tamtama | dinadar karsaning gusti || |
| 29.27 | pan kabèh sakancanipun | warata asusur biring | sadaya akukur pêdhang | kalis sakathahing wêsi | Dhadhungawuk aturira | anggèr langkung sukèng galih || |
| 29.28 | ing badan kula pukulun | lêsu yèn tan mambêt wêsi | anghèr[2] yèn towong sadina | yèn botên dipun suduki | ting gêrmêt ingkang sarira | yèn botên dipun gêbugi || |
| 29.29 | ing alu kalawan watu | miyarsa karsaning gusti | amilihi wong prawira | mila kawularsa ngabdi | manjing ing wadya tamtama | ngandika wau sang pêkik || |
| 29.30 | paman ngong jajal karuhun | Dhadhungawuk matur inggih | anggèr lêgane kang manah | ngandika malih sang pêkik | iya ingsun dhewe paman | kang anjajal ing sirèki || |
| 29.31 | dèn parêk kalawan ingsun | Dhadhungawuk marêpêki | Radèn Jaka lagya mucang | ginigit sadak ngênjêti | saksana sinuduk sadak | bêncah jajane ngêmasi || |
| 29.32 | angêjèpi kancanipun | sadaya dipun wangsiti | sigra kinarocok sadak | ajur mumur rontang-ranting | Dhadhungawuk jisimira | apan ora dadi takir || |
| 29.33 | tan ana liyane iku | sadak kinarya nyuduki | sagung bupati kang seba | kagyat samya aningali | pangrasane Radèn Jaka | anglunas kancanirèki || |
115–116 dari 133
| 1 | anggèr. (kembali) |
| 2 | anggêr. (kembali) |