Tembang macapat
Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, 1865, #1747
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, 1865, #1747
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
29 dari 34
116–117 dari 133
1.152–1.161 dari 1.325
| 29.29 | ing alu kalawan watu | miyarsa karsaning gusti | amilihi wong prawira | mila kawularsa ngabdi | manjing ing wadya tamtama | ngandika wau sang pêkik || |
| 29.30 | paman ngong jajal karuhun | Dhadhungawuk matur inggih | anggèr lêgane kang manah | ngandika malih sang pêkik | iya ingsun dhewe paman | kang anjajal ing sirèki || |
| 29.31 | dèn parêk kalawan ingsun | Dhadhungawuk marêpêki | Radèn Jaka lagya mucang | ginigit sadak ngênjêti | saksana sinuduk sadak | bêncah jajane ngêmasi || |
| 29.32 | angêjèpi kancanipun | sadaya dipun wangsiti | sigra kinarocok sadak | ajur mumur rontang-ranting | Dhadhungawuk jisimira | apan ora dadi takir || |
| 29.33 | tan ana liyane iku | sadak kinarya nyuduki | sagung bupati kang seba | kagyat samya aningali | pangrasane Radèn Jaka | anglunas kancanirèki || |
| 29.34 | sêmana anulya katur | dhumatêng sri narapati | yèn Radèn Jaka anglunas | wong Kêdhu wismaning Pingit | tanpa dosa mung jinajal | sinuduk sadak ngêmasi || |
| 29.35 | sang [2: 75] nata kalangkung bêndu | muga ta sang ratu adil | Kyana Patih Wanasalam | tinimbalan praptèng puri | ing ngabyantara narendra | ngandika hèh kyana patih || |
| 29.36 | apa sira nora wêruh | tingkahe Si Jaka Tingkir | matèni wong tanpa dosa | ki patih matur wotsari | pukulun putra paduka | maksih manah rare cilik || |
| 29.37 | inggih dèrèng darbe maklum | kabujêng panas kang galih | ningali wong paksa lancang | sinuduk sadak kumlinting | ngandika Jêng Sultan Dêmak | enggal tundhungên dèn aglis || |
| 29.38 | alasêna dèn agupuh | iku anyukêri bumi | wêtokna jabaning rangkah | aywa wèhi batur siji | dimèn dadi wong alasan | ki patih tur sêmbah mijil || |
116–117 dari 133