Tembang macapat

Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, 1865, #1747

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, 1865, #1747

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
29 dari 34
115–116 dari 133
1.143–1.152 dari 1.325
29.20 lir sinosog godhong têbu | tan ana kang miyatani | sakèh braja tan tumama | Dhadhungawuk duk miyarsi | kalamun sri naranata | amilihi wong sinêlir ||
29.21 Dhadhungawuk wus malêbu | wus prapta Dêmak nagari | lajêng anjujug paseban | ing sangandhaping sitinggil | ênggon prawira tamtama | Ki Dhadhungawuk wus linggih ||
29.22 rahadèn lurah duk wau | lagya ngandikan mring puri | Dhadhungawuk tinakonan | kawula inggih ing Pingit | arsa malêbêt tamtama | dene kawula nèng jawi ||
29.23 tanpa tandhing sampun wudhu | sakathahing wêsi kalis | sarêng kawula miyarsa | lamun gusti sri bupati | karya prawira tamtama | amilihi wong sinêkti ||
29.24 kang tangguh prawirèng kewuh | mila kawula puniki | katura maring narendra | tamtama samya nauri | mangke anggèr radèn lurah | lagya ngandikan mring puri ||
29.25 tan adangu nulya rawuh | wau Ki Jaka ing Tingkir | obah prawira tamtama | Radèn Jaka wus alinggih | umatur umbul tamtama | agèr[1] punika wong Pingit ||
29.26 kêdah katura [2: 74: katur...a] pukulun | ing rama sri narapati | manjing prawira tamtama | mèsêm Radèn Jaka Tingkir | abot wong dadi tamtama | dinadar karsaning gusti ||
29.27 pan kabèh sakancanipun | warata asusur biring | sadaya akukur pêdhang | kalis sakathahing wêsi | Dhadhungawuk aturira | anggèr langkung sukèng galih ||
29.28 ing badan kula pukulun | lêsu yèn tan mambêt wêsi | anghèr[2] yèn towong sadina | yèn botên dipun suduki | ting gêrmêt ingkang sarira | yèn botên dipun gêbugi ||
29.29 ing alu kalawan watu | miyarsa karsaning gusti | amilihi wong prawira | mila kawularsa ngabdi | manjing ing wadya tamtama | ngandika wau sang pêkik ||
115–116 dari 133

 


1 anggèr. (kembali)
2 anggêr. (kembali)