Tembang macapat

Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, 1865, #1747

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, 1865, #1747

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
30 dari 34
119–120 dari 133
1.190–1.199 dari 1.325
30.29 duk sêmana katiga alinggih | Kyai Agêng Butoh | Buyut Ngêrang katiga rahadèn | datan kèndêl dènnya mituturi | sira iku kaki | bakal sakaguru ||
30.30 dèn prayitna bekaning dumadi | kang murungkên lakon | sira bakal pradandanan gêdhe | amêndhaka yèn ana nglancangi | bapang dèn simpangi [2: 79: simpang...i] | ana catur mungkur ||
30.31 dêdalane guna lawan sêkti | saking andhap asor | wani kalah luhur wêkasane | kaya sira dhingin amatèni | ing wong magang dhingin | iku dudu laku ||
30.32 pan wus kocap laku dhingin-dhingin | saking andhap asor | ingkang padha pinunjul dadine | para ratu miwah pra dipati | ingkang luwih-luwih | padha wiwitipun ||
30.33 kang tinutur iya para nabi | kang mêngku kaprabon | apadene nabinira dhewe | Kangjêng Rasul niyakaning bumi | kênèng papa dhingin | wêkasane luhur ||
30.34 amung Nabi Suleman kang awit | karsaning Hyang Manon | pan kinarya nglairkên kodrate | amarentah sakèhing dumadi | tan sinung papa wit | mung sawiji iku ||
30.35 datan ana ngiriba samangkin | kamuktèn mêngkono | lamun ora mupakat wiwite | wus mulane dumununga mukti | pan wahyuning eblis | muktining panglulu ||
30.36 lah ta kulup muliha dèn aglis | mring Dêmak ywa adoh | bok jêng sultan ana pandangune | anglintêra sira kanan kering | yèn wus tita gusti | tan ana pandangu ||
30.37 iya nuli muliha mring Pêngging | lan ing Tingkir kono | bok ing têmbe yèn ana lilihe | sri bupati manawa nimbali | kawijilannèki | amêsthi jinujug ||
30.38 amung sira nêdhaa Hyang Widhi | asihe sang katong | pulung iku angalih badhene | arang tiba mring kang dèn sêngiti | pasthi kang dèn sihi | pangalihing pulung ||
119–120 dari 133