Tembang macapat

Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, 1865, #1747

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, 1865, #1747

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
30 dari 34
119–120 dari 133
1.182–1.191 dari 1.325
30.21 tinangisan sirahe kinêmpit | adhuh sutaningong | mêlasasih têmên sasolahe | ya pagene katêmu nèng ngriki | Radèn Jaka Tingkir | matur solahipun ||
30.22 duk mêntase seda kakang swargi | ingsun atêtinjo [2: 78: atê...tinjo] | iya sira ingsun takokake | wus digawa mring Nyai Gêng Tingkir | lêga ing tyas mami | ana ingkang mupu ||
30.23 mêngko sira katêmu nèng ngriki | radèn matur alon | saking Dêmak suwita sang rajèng | pan kawula kinèn anglurahi | ing wadya pinilih | wiratamtamèku ||
30.24 wus tinutur solahe ing nguni | purwane binêndon | apan sampun ingaturkên kabèh | Kyai Agêng ngungun duk miyarsi | wus binêkta mulih | sapraptaning Butuh ||
30.25 Kyai Buyut Ngêrang dèn utusi | prapta sabrang kulon | sapraptane kyai lon dêlinge | lah ta kakang punika nak mami | kang saking ing Pêngging | pan têtilaripun ||
30.26 Kyai Agêng Kênonga ing Pêngging | sira sok têtakon | Buyut Ngêrang amandêng liringe | adhuh nyawa milu ngêmpèk mami | anak mring sirèki | Ki Jaka anuhun ||
30.27 pan cinatur anèng Butuh lami | radèn prawira nom | kalih wulan nênggih ing lamine | pan winulang sakathahing ngèlmi | tingkah kang sayêkti | wêkasing tumuwuh ||
30.28 lan winulang wong dadya narpati | amêngku kaprabon | wutah kabèh Ki Buyut ngilmune | ingkang ngèlmu jaya wijayanti | lan Buyut Ngrang sami | nêlas wulangipun ||
30.29 duk sêmana katiga alinggih | Kyai Agêng Butoh | Buyut Ngêrang katiga rahadèn | datan kèndêl dènnya mituturi | sira iku kaki | bakal sakaguru ||
30.30 dèn prayitna bekaning dumadi | kang murungkên lakon | sira bakal pradandanan gêdhe | amêndhaka yèn ana nglancangi | bapang dèn simpangi [2: 79: simpang...i] | ana catur mungkur ||
119–120 dari 133