Tembang macapat

Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, 1865, #1747

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, 1865, #1747

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
30 dari 34
120–121 dari 133
1.195–1.204 dari 1.325
30.34 amung Nabi Suleman kang awit | karsaning Hyang Manon | pan kinarya nglairkên kodrate | amarentah sakèhing dumadi | tan sinung papa wit | mung sawiji iku ||
30.35 datan ana ngiriba samangkin | kamuktèn mêngkono | lamun ora mupakat wiwite | wus mulane dumununga mukti | pan wahyuning eblis | muktining panglulu ||
30.36 lah ta kulup muliha dèn aglis | mring Dêmak ywa adoh | bok jêng sultan ana pandangune | anglintêra sira kanan kering | yèn wus tita gusti | tan ana pandangu ||
30.37 iya nuli muliha mring Pêngging | lan ing Tingkir kono | bok ing têmbe yèn ana lilihe | sri bupati manawa nimbali | kawijilannèki | amêsthi jinujug ||
30.38 amung sira nêdhaa Hyang Widhi | asihe sang katong | pulung iku angalih badhene | arang tiba mring kang dèn sêngiti | pasthi kang dèn sihi | pangalihing pulung ||
30.39 dadyan[1] silih pinêsthi Hyang Widhi | aywa marga rusoh | basa rusuh mangkene têgêse | yèn darbea sira ciptèng batin [2: 80] | risake sang aji | age sedanipun ||
30.40 age pulunge ngalihèng mami | kang mêngkono rusoh | cipta iku arusuh arane | dèn arèrèh dèn narimèng pasthi | satitahing Widhi | budi dèn rahayu ||
30.41 dèn patitis mring Kang Mahasuci | puji kang waspaos | lah pintanên nyawa kang agawe | bumi langit surya lawan sasi | jalukên dèn kêni | budia ing kayun ||
30.42 yèn dohêna kang sira jaluki | sayêkti yèn adoh | yèn parêkna atunggal ênggone | aywa kandhêg dening aling-aling | dêdalan patitis | gonira jêjaluk ||
30.43 Radèn Jaka padhang tyasirèki | miyarsa cariyos | langkung dene kaduwung lampahe | ingkang sampun kalakon ing nguni | èstu lamun sisip | manah wiwit sêpuh ||
120–121 dari 133

 


1 nadyan. (kembali)