Tembang macapat
Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, 1865, #1747
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, 1865, #1747
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
30 dari 34
120–121 dari 133
1.196–1.205 dari 1.325
| 30.35 | datan ana ngiriba samangkin | kamuktèn mêngkono | lamun ora mupakat wiwite | wus mulane dumununga mukti | pan wahyuning eblis | muktining panglulu || |
| 30.36 | lah ta kulup muliha dèn aglis | mring Dêmak ywa adoh | bok jêng sultan ana pandangune | anglintêra sira kanan kering | yèn wus tita gusti | tan ana pandangu || |
| 30.37 | iya nuli muliha mring Pêngging | lan ing Tingkir kono | bok ing têmbe yèn ana lilihe | sri bupati manawa nimbali | kawijilannèki | amêsthi jinujug || |
| 30.38 | amung sira nêdhaa Hyang Widhi | asihe sang katong | pulung iku angalih badhene | arang tiba mring kang dèn sêngiti | pasthi kang dèn sihi | pangalihing pulung || |
| 30.39 | dadyan[1] silih pinêsthi Hyang Widhi | aywa marga rusoh | basa rusuh mangkene têgêse | yèn darbea sira ciptèng batin [2: 80] | risake sang aji | age sedanipun || |
| 30.40 | age pulunge ngalihèng mami | kang mêngkono rusoh | cipta iku arusuh arane | dèn arèrèh dèn narimèng pasthi | satitahing Widhi | budi dèn rahayu || |
| 30.41 | dèn patitis mring Kang Mahasuci | puji kang waspaos | lah pintanên nyawa kang agawe | bumi langit surya lawan sasi | jalukên dèn kêni | budia ing kayun || |
| 30.42 | yèn dohêna kang sira jaluki | sayêkti yèn adoh | yèn parêkna atunggal ênggone | aywa kandhêg dening aling-aling | dêdalan patitis | gonira jêjaluk || |
| 30.43 | Radèn Jaka padhang tyasirèki | miyarsa cariyos | langkung dene kaduwung lampahe | ingkang sampun kalakon ing nguni | èstu lamun sisip | manah wiwit sêpuh || |
| 30.44 | Radèn Jaka tur sêmbah nuwun sih | Ki Agêng lingnya lon | pujiningsun siyang dalu kiye | lan ramanta Buyut Ngêrang iki | sira kang darbèni | wus mangkata kulup || |
120–121 dari 133
| 1 | nadyan. (kembali) |