Tembang macapat
Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, 1865, #1747
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, 1865, #1747
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
30 dari 34
120 dari 133
1.191–1.200 dari 1.325
| 30.30 | dèn prayitna bekaning dumadi | kang murungkên lakon | sira bakal pradandanan gêdhe | amêndhaka yèn ana nglancangi | bapang dèn simpangi [2: 79: simpang...i] | ana catur mungkur || |
| 30.31 | dêdalane guna lawan sêkti | saking andhap asor | wani kalah luhur wêkasane | kaya sira dhingin amatèni | ing wong magang dhingin | iku dudu laku || |
| 30.32 | pan wus kocap laku dhingin-dhingin | saking andhap asor | ingkang padha pinunjul dadine | para ratu miwah pra dipati | ingkang luwih-luwih | padha wiwitipun || |
| 30.33 | kang tinutur iya para nabi | kang mêngku kaprabon | apadene nabinira dhewe | Kangjêng Rasul niyakaning bumi | kênèng papa dhingin | wêkasane luhur || |
| 30.34 | amung Nabi Suleman kang awit | karsaning Hyang Manon | pan kinarya nglairkên kodrate | amarentah sakèhing dumadi | tan sinung papa wit | mung sawiji iku || |
| 30.35 | datan ana ngiriba samangkin | kamuktèn mêngkono | lamun ora mupakat wiwite | wus mulane dumununga mukti | pan wahyuning eblis | muktining panglulu || |
| 30.36 | lah ta kulup muliha dèn aglis | mring Dêmak ywa adoh | bok jêng sultan ana pandangune | anglintêra sira kanan kering | yèn wus tita gusti | tan ana pandangu || |
| 30.37 | iya nuli muliha mring Pêngging | lan ing Tingkir kono | bok ing têmbe yèn ana lilihe | sri bupati manawa nimbali | kawijilannèki | amêsthi jinujug || |
| 30.38 | amung sira nêdhaa Hyang Widhi | asihe sang katong | pulung iku angalih badhene | arang tiba mring kang dèn sêngiti | pasthi kang dèn sihi | pangalihing pulung || |
| 30.39 | dadyan[1] silih pinêsthi Hyang Widhi | aywa marga rusoh | basa rusuh mangkene têgêse | yèn darbea sira ciptèng batin [2: 80] | risake sang aji | age sedanipun || |
120 dari 133
| 1 | nadyan. (kembali) |