Tembang macapat

Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, 1865, #1747

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, 1865, #1747

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
31 dari 34
122–123 dari 133
1.220–1.229 dari 1.325
31.14 datan kawuwus ing margi | lampahe Rahadèn Jaka | wus prapta ing Balak lore | atanya wong dhangir kapas | pundi dhêkah ing Balak | Kyai Buyut Banyubiru | sumaur kidul punika ||
31.15 ya ta Radèn Jaka Tingkir | ing Banyubiru wus prapta | kèndêl jawining dhadhahe | sajawining pakarangan | radèn alon têtanya | tinuduhkên sampun laju | Ki Buyut kang kawuwusa ||
31.16 alênggah lawan kang rayi | Ki Wuragil Ki Majasta | punika samya arine | wau Ki Buyut Majasta | tan dangu nulya prapta | katiga samya alungguh | sakawan lawan Mas Mănca ||
31.17 Kyai Banyubiru angling | mêngko ingsun dhêdhayohan | bakal panjênêngan rajèng | kang mêngku rat tanah Jawa | tan dangu katingalan | sigra Buyut Banyubiru | mudhun sarwi latah-latah ||
31.18 kang rayi kêkalih angling | lah kakang wontên punapa [2: 83] | tumurun langkung sukane | Ki Buyut gumuyu ngakak | têtamuningsun prapta | kang sêsotya mèh tumimbul | kari saliliring kênthang ||
31.19 Kya Buyut mêthuk aglis |[1] Rahadèn Jaka cinandhak | dhuh gusti nyawa nah anggèr | radèn arsa atur sêmbah | Ki Buyut kipa-kipa | adhuh lae sampun-sampun | kamangkara atur sêmbah ||
31.20 pan badhe gulung nagari | amêngku rat tanah Jawa | sigra atata lênggahe | Ki Buyut alon ngandika | hèh Ki Mas Mănca sira | ngabêktia wong abagus | iya iku gustinira ||
31.21 pan wus karsaning Hyang Widhi | sotya êmbana kancana | sigra dènnya awotsinom | wau sira Ki Mas Mănca | nulya tata alênggah | Ki Buyut ing Banyubiru | kalangkung ing trêsnanira ||
31.22 cinarita tigang sasi | nèng Banyubiru rahadyan | Ki Buyut nêlas wulange | ngèlmu jaya kawijayan | widagda ing kadibyan | miwah ngèlmu dadi ratu | Ki Buyut wulange nêlas ||
31.23 kadangipun kang wuragil | Ki Wuragil namanira | Ki Buyut Majasta mangko | anake Ki Jaka Wila | pinundhut ingkang raka | Kyai Buyut Banyubiru | tinumutkên mring rahadyan ||
122–123 dari 133

 


1 Kurang satu suku kata: Kyai Buyut mêthuk aglis. (kembali)