Tembang macapat
Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, 1865, #1747
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, 1865, #1747
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
31 dari 34
122–123 dari 133
1.218–1.227 dari 1.325
| 31.12 | ujaring swara dumêling | hèh aja sungkawa sira | angidula ngetan kene | angèngèra wong dhêdhêkah | sakidul desa Balak | Ki Buyut ing Banyubiru | pituture lakonana || |
| 31.13 | duk sare arêmrêm pitik | jênggirat kagyat rahadyan | anulya kesah ge-age | sanake tan ana wikan | wanci bangun raina | lampahe rahadèn bagus | lêpas lampah ngidul ngetan || |
| 31.14 | datan kawuwus ing margi | lampahe Rahadèn Jaka | wus prapta ing Balak lore | atanya wong dhangir kapas | pundi dhêkah ing Balak | Kyai Buyut Banyubiru | sumaur kidul punika || |
| 31.15 | ya ta Radèn Jaka Tingkir | ing Banyubiru wus prapta | kèndêl jawining dhadhahe | sajawining pakarangan | radèn alon têtanya | tinuduhkên sampun laju | Ki Buyut kang kawuwusa || |
| 31.16 | alênggah lawan kang rayi | Ki Wuragil Ki Majasta | punika samya arine | wau Ki Buyut Majasta | tan dangu nulya prapta | katiga samya alungguh | sakawan lawan Mas Mănca || |
| 31.17 | Kyai Banyubiru angling | mêngko ingsun dhêdhayohan | bakal panjênêngan rajèng | kang mêngku rat tanah Jawa | tan dangu katingalan | sigra Buyut Banyubiru | mudhun sarwi latah-latah || |
| 31.18 | kang rayi kêkalih angling | lah kakang wontên punapa [2: 83] | tumurun langkung sukane | Ki Buyut gumuyu ngakak | têtamuningsun prapta | kang sêsotya mèh tumimbul | kari saliliring kênthang || |
| 31.19 | Kya Buyut mêthuk aglis |[1] Rahadèn Jaka cinandhak | dhuh gusti nyawa nah anggèr | radèn arsa atur sêmbah | Ki Buyut kipa-kipa | adhuh lae sampun-sampun | kamangkara atur sêmbah || |
| 31.20 | pan badhe gulung nagari | amêngku rat tanah Jawa | sigra atata lênggahe | Ki Buyut alon ngandika | hèh Ki Mas Mănca sira | ngabêktia wong abagus | iya iku gustinira || |
| 31.21 | pan wus karsaning Hyang Widhi | sotya êmbana kancana | sigra dènnya awotsinom | wau sira Ki Mas Mănca | nulya tata alênggah | Ki Buyut ing Banyubiru | kalangkung ing trêsnanira || |
122–123 dari 133
| 1 | Kurang satu suku kata: Kyai Buyut mêthuk aglis. (kembali) |