Tembang macapat
Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, 1865, #1747
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, 1865, #1747
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
31–32 dari 34
124 dari 133
1.231–1.240 dari 1.325
| 31.25 | andika ngatingal nuli | pun bapa bêktani tumbal | kang dadya sarat masrute | kawula bêktani lêmah | lolohên nèng maesa | yèn angsal maesa danu | dimène ngamuk kewala [2: 84] || |
| 31.26 | mri[1] pasanggrahan narpati | măngsa wontêna kang nyăngga | liyane andika radèn | rayi dika Ki Mas Mănca | sagène sampun pisah | Ki Wila Wuragil iku | rumêksa ing gustinira || |
| 31.27 | Ki Buyut sigra ngundhangi | marang anak putunira | Ki Buyut lon andikane | hèh putu padha karyaa | gèthèk ingkang prayoga | ya badhe titihanipun | Radèn Jaka mêdal toya || |
| 31.28 | milir marang ing bênawi | saking toya wilis ika | iya anjog kali Dêngkèng | pan ing Banyubiru ika | kidul Dêkèng[2] prênahnya | ing êlore Wukirkidul | kidul wetan Pamasaran || |
| 31.29 | Ki Buyut awanti-wanti | lêmah punika ing benjang | lolohna maesa age | maesa danu punika | inggih kang dados sarat | jalaran dika dinangu | marang Jêng Sultan Bintara || |
| 31.30 | radèn tur sêmbah gya pamit | lawan sira Kismănca |[3] katiga Ki Wuragile | sêkawan Ki Jaka Wila | sarêng pamit anêmbah | Ki Buyut Majasta tumut | lajêng mantuk mring Majasta || |
| 31.31 | wus mangkat sêkawan nuli | ing Banyubiru punika | ngatêrakên kali Dêkèng | wus numpak gèthèk sadaya | toya gêng santêr ika | Ki Wira Wuragil iku | kalih samya bêkta satang || |
| 31.32 | Ki Mas Mănca wêlahnèki | kalawan Rahadèn Jaka | tan cinatur ing milire | wus prapta dhukuh Majapta |[4] tigang dalu nèng kana | nulya lajêng lampahipun | apungkur dhukuh Majasta || |
| 32. Pangkur | |
| 32.01 | sampun anjog ing bêngawan | gèthèk milir nalika asar kang wanci |[5] Kêdhung Srêngenge duk rawuh | mêndhung riris wor barat | ing nalika ana [2: 85: a...na] katon lare ngangsu | tinakonan mring Mas Mănca | sira iki rare ngêndi || |
| 32.02 | ponang rare nulya musna | gèthèk mubêng pan ora bisa milir | amilir-milir kawangsul | winêlah nora kêna | pan sinatang datan jajag satangipun | ngalor ngidul aputêran | datan antara kaèksi || |
124 dari 133
| 1 | mring. (kembali) |
| 2 | Dêngkèng (dan di tempat lain). (kembali) |
| 3 | Kurang satu suku kata: lawan sira Ki Mas Mănca. (kembali) |
| 4 | Majasta. (kembali) |
| 5 | Lebih satu suku kata: gèthèk milir nalika asar wanci. (kembali) |