Tembang macapat
Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, 1865, #1747
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, 1865, #1747
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
31 dari 34
123–124 dari 133
1.226–1.235 dari 1.325
| 31.20 | pan badhe gulung nagari | amêngku rat tanah Jawa | sigra atata lênggahe | Ki Buyut alon ngandika | hèh Ki Mas Mănca sira | ngabêktia wong abagus | iya iku gustinira || |
| 31.21 | pan wus karsaning Hyang Widhi | sotya êmbana kancana | sigra dènnya awotsinom | wau sira Ki Mas Mănca | nulya tata alênggah | Ki Buyut ing Banyubiru | kalangkung ing trêsnanira || |
| 31.22 | cinarita tigang sasi | nèng Banyubiru rahadyan | Ki Buyut nêlas wulange | ngèlmu jaya kawijayan | widagda ing kadibyan | miwah ngèlmu dadi ratu | Ki Buyut wulange nêlas || |
| 31.23 | kadangipun kang wuragil | Ki Wuragil namanira | Ki Buyut Majasta mangko | anake Ki Jaka Wila | pinundhut ingkang raka | Kyai Buyut Banyubiru | tinumutkên mring rahadyan || |
| 31.24 | lah anggèr sêdhênge mangkin | masang tibaning nugraha | dika kondura rahadèn | marang nagari Bintara | mupung ramanta sultan | ing rêndhêng mangsanya iku | cangkrama ngardi Prawata || |
| 31.25 | andika ngatingal nuli | pun bapa bêktani tumbal | kang dadya sarat masrute | kawula bêktani lêmah | lolohên nèng maesa | yèn angsal maesa danu | dimène ngamuk kewala [2: 84] || |
| 31.26 | mri[1] pasanggrahan narpati | măngsa wontêna kang nyăngga | liyane andika radèn | rayi dika Ki Mas Mănca | sagène sampun pisah | Ki Wila Wuragil iku | rumêksa ing gustinira || |
| 31.27 | Ki Buyut sigra ngundhangi | marang anak putunira | Ki Buyut lon andikane | hèh putu padha karyaa | gèthèk ingkang prayoga | ya badhe titihanipun | Radèn Jaka mêdal toya || |
| 31.28 | milir marang ing bênawi | saking toya wilis ika | iya anjog kali Dêngkèng | pan ing Banyubiru ika | kidul Dêkèng[2] prênahnya | ing êlore Wukirkidul | kidul wetan Pamasaran || |
| 31.29 | Ki Buyut awanti-wanti | lêmah punika ing benjang | lolohna maesa age | maesa danu punika | inggih kang dados sarat | jalaran dika dinangu | marang Jêng Sultan Bintara || |
123–124 dari 133
| 1 | mring. (kembali) |
| 2 | Dêngkèng (dan di tempat lain). (kembali) |