Tembang macapat

Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, 1865, #1747

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, 1865, #1747

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
31 dari 34
123–124 dari 133
1.228–1.237 dari 1.325
31.22 cinarita tigang sasi | nèng Banyubiru rahadyan | Ki Buyut nêlas wulange | ngèlmu jaya kawijayan | widagda ing kadibyan | miwah ngèlmu dadi ratu | Ki Buyut wulange nêlas ||
31.23 kadangipun kang wuragil | Ki Wuragil namanira | Ki Buyut Majasta mangko | anake Ki Jaka Wila | pinundhut ingkang raka | Kyai Buyut Banyubiru | tinumutkên mring rahadyan ||
31.24 lah anggèr sêdhênge mangkin | masang tibaning nugraha | dika kondura rahadèn | marang nagari Bintara | mupung ramanta sultan | ing rêndhêng mangsanya iku | cangkrama ngardi Prawata ||
31.25 andika ngatingal nuli | pun bapa bêktani tumbal | kang dadya sarat masrute | kawula bêktani lêmah | lolohên nèng maesa | yèn angsal maesa danu | dimène ngamuk kewala [2: 84] ||
31.26 mri[1] pasanggrahan narpati | măngsa wontêna kang nyăngga | liyane andika radèn | rayi dika Ki Mas Mănca | sagène sampun pisah | Ki Wila Wuragil iku | rumêksa ing gustinira ||
31.27 Ki Buyut sigra ngundhangi | marang anak putunira | Ki Buyut lon andikane | hèh putu padha karyaa | gèthèk ingkang prayoga | ya badhe titihanipun | Radèn Jaka mêdal toya ||
31.28 milir marang ing bênawi | saking toya wilis ika | iya anjog kali Dêngkèng | pan ing Banyubiru ika | kidul Dêkèng[2] prênahnya | ing êlore Wukirkidul | kidul wetan Pamasaran ||
31.29 Ki Buyut awanti-wanti | lêmah punika ing benjang | lolohna maesa age | maesa danu punika | inggih kang dados sarat | jalaran dika dinangu | marang Jêng Sultan Bintara ||
31.30 radèn tur sêmbah gya pamit | lawan sira Kismănca |[3] katiga Ki Wuragile | sêkawan Ki Jaka Wila | sarêng pamit anêmbah | Ki Buyut Majasta tumut | lajêng mantuk mring Majasta ||
31.31 wus mangkat sêkawan nuli | ing Banyubiru punika | ngatêrakên kali Dêkèng | wus numpak gèthèk sadaya | toya gêng santêr ika | Ki Wira Wuragil iku | kalih samya bêkta satang ||
123–124 dari 133

 


1 mring. (kembali)
2 Dêngkèng (dan di tempat lain). (kembali)
3 Kurang satu suku kata: lawan sira Ki Mas Mănca. (kembali)