Tembang macapat
Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, 1865, #1747
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, 1865, #1747
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
32–33 dari 34
125–126 dari 133
1.249–1.258 dari 1.325
| 32.11 | rinogoh ilate kêna | lumba-lumba radèn kukuh tan osik | bêngawan kadya kinêbur | ya ta kang anèng dharat | Ki Mas Mănca arame pêluk-pinêluk | lawan Patih Jalumampang | adangu banting-binanting || |
| 32.12 | cinandhak Sang Jalumampang | gya binanting tiba dharatan têbih | malêduk nèng kayu sêrut | pêjahe Jalumampang | bajul kathah kang mara-mara kacakup | gêlasah binuwang dharat | kang urip pating karêmpis || |
| 32.13 | Mas Mănca tuhu prawira | pan wus kawon bajul kang anèng nginggil | Ki Wuragil Wila sampun | wungu samya tumingal | dene kathah bajul gêlasah kang lampus | ya ta ingkang anèng toya | Baurêksa wus kajodhi || |
| 32.14 | arsa polah datan bisa | sampun nungkul balane dèn sapihi | kang samya sêdya têtulung | radèn alon ngandika | iya apa panungkulmu marang ingsun | matur sang narpati baya | punapa pinundhut [2: 87: pinu...ndhut] gusti || |
| 32.15 | Radèn Jaka angandika | ingsun mundhut pajêg bajul sirèki | siji-siji sabên taun | Baurêksa turira | inggih gusti sumanggèr karsa pukulun | inguculakên saksana | nulya byar katon jro puri || |
| 32.16 | andhêndhêng kadhatonira | Baurêksa sineba jroning puri | rahadyan sinuhun-suhun | asri kadhatonira | cinarita Radèn Jaka tigang dalu | anèng kayanganing baya | nulya mit radèn wus mijil || |
| 32.17 | Ki Baurêksa tut wuntat | angatêrkên sajabaning jro puri | lawan angaturi bajul | kawan dasa ngatêrna | anyănggaa gèthèke rahadèn bagus | prapta ing jawi rahadyan | wus minggah ing gèthèk milir || |
| 32.18 | wus panggih rencang sadaya | samya ngungun radèn dipun tangisi | anyana kalamun lampus | anèng sajroning toya | radèn angling lah uwis padha rahayu | ana pangrêksaning Suksma | mring sira kalawan mami || |
| 32.19 | ratuning baya wus kêna | wus kajodhi lawan ingsun ing jurit | kang dadi panungkulipun | iya Si Baurêksa | pajêg bajul siji-siji sabên taun | Ki Mas Mănca atur sêmbah | mêgatruh rasaning galih || |
| 33. Mêgatruh | |
| 33.01 | sigra milir kang gèthèk sinăngga bajul | kawan dasa kang jagèni | ing ngarsa miwah ing pungkur | tanapi ing kanan kering | kang gèthèk lampahnya alon || |
125–126 dari 133