Tembang macapat
Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
40 dari 57
181–182 dari 241
1.807–1.816 dari 2.402
| 40.027 | sigra miyos orêg wadya ing Mataram | gêgaman dalêm mijil | saragnine tembak | umyang kang tumbak benang | landhehan wêrgu panjalin | sinulam ing mas | gêlathik mungup asri || |
| 40.028 | wong anulup lan magêrsari akapang | căndraswa tamèng tamsir | nyutra kering kanan | towok arakit kantar | rangin sikêpipun kêris | lir yangyang surat | dinulu angajrihi || |
| 40.029 | kangjêng sultan parentah [2: 182] nêmbang têngara | ambudhalakên baris | sigra tinêngaran | budhal baris pangarsa | kadya obah bumi gonjing | swaraning wadya | anguwuh anauri || |
| 40.030 | asauran pangriking kuda lan liman | lir ombaking jaladri | lan kriciking watang | kumrêbêt kang duwajwa | dinulu kagiri-giri | lampahing wadya | lir wrêdu ăngga sasra | sajuru-juru ngèbêki | para sêntana | ingkang lumampah wingking ||[1] |
| 40.031 | tan winarna enggale ingkang carita | prapta jabaning taji | laju kang gêgaman | sigra prapta ing Pajang | wong pasisir andhingini | măncanagara | wus ngancin[2] nagri Pathi || |
| 40.032 | kangjêng sultan masanggrahan anèng Pajang | wadya kang andhingini | samya angrêrayah | padesan ing Santênan | kidul gunung dèn boyongi | ingkang abăngga | prasami dèn patèni || |
| 40.033 | wong padesan sama gègèr ngungsi kitha | sarwi atur udani | marang lurahira | ya ta kang kawarnaa | ngriku Ki Dipati Pathi | sawêk sineba | dening sagunging mantri || |
| 40.034 | Kandhuruhan kang munggèng ngarsa dipatya | lawan Ki Sawunggaling | prituwin Sindurja | ingkang munggèng ing ngarsa | myang Raja Mênggala sami | samya pêpakan | Dipati Kulon nangkil || |
| 40.035 | Dyan Tumênggung Binarong lan Mangunjaya | samya munggèng ing ngarsi | anênggih jajarnya | Ki Dêmang Tanpanaha | Ngabèi Carangdosadi | lan Arya Tăndha | myang Radèn Mêgatsari || |
| 40.036 | Pêngalasan lawan Dêmang Jagataka | lawan Ki Windupati | lawan [2: 183: lawa...n] Jayèngrana | tuwin Suraprameya | lawan Răngga Surèngpati | mantri sêdaya | andêl-andêling Pathi || |
181–182 dari 241
| 1 | Lebih tiga gatra: ke-7, ke-8, dan ke-9. (kembali) |
| 2 | ngancik. (kembali) |