Tembang macapat

Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
5 dari 57
9–10 dari 241
90–99 dari 2.402
5. Durma
05.001 enjangira Kyai Juru Pamanahan | kalawan Ki Pênjawi | wus samya siyaga | kapraboning ayuda | Ki Juru kang mugarèni | kulawarganya | wus kathah ingkang prapti ||
05.002 wong ing Sela gêng alit kathah kang prapta [1: 16] | sikêp kaprabon jurit | dharat myang turăngga | anggili praptanira | gêdhe cilik kêrig lampit | sabaya pêjah | anggrêgut solahnèki ||
05.003 gumarêdêg lampahe agêgolongan | kang putra anèng wuri | Dyan Bèi Lorpasar | nitih turăngga rêkta | pantês busananirèki | nindhihi wadya | ingkang samya sinêlir ||
05.004 lampahing kang wadya pan kadya wong dagang | pikulan anèng ngarsi | pinrih ywa katara | karya samaring lampah | landhehanira kinardi | mikul babêktan | tindhih nèng wuri têbih ||
05.005 tan winarna ing marga lampahe prapta | sakilèning bênawi | amakuwon samya | wadya karya pondhokan | tumruntun barisnya prapti | ngumpul atata | anèng pakuwon sami ||
05.006 myang prawira tamtama kang samya trêsna | kèh nusul prapta icir | arsa labuh jiwa | marang Ki Pamanahan | kawan dasa winatawis | samya prawira | sarêng lampahirèki ||
05.007 lawan Radèn Angabèi Loringpasar | gumrêdêg lampahnèki | wus praptèng pondhokan | sakilèning bangawan | kali Sore wastanèki | suruping surya | kèndêl alêrêp sami ||
05.008 nèng pakuwon Ki Pênjawi Pamanahan | samya agunêm kawis | lan Ki Juru ika | tanapi ingkang putra | sira Rahadèn Ngabèi | Saloringpasar | Ki Juru ngandika ris ||
05.009 kayaparan kabèh mêngko pikirira | Pênjawi matur aris | inggih benjang enjang | angadhang wong ing Jipang | anyêpêng tiyang satunggil | binêktan surat | dimèn ginawa mulih ||
05.010 ingaturkên nênggih mring bêndaranira | wus rêmbag ya ta enjing | nuduh wadyanira | angadhang wong ing Jipang | tan dangu ana kaèksi | pakathik Jipang | pan lagya mêntas ngarit [1: 17] ||
9–10 dari 241