Tembang macapat

Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
7 dari 57
18–19 dari 241
174–183 dari 2.402
07.006 iya nagara Mataram | marang ing kakangirèki | Sultan Pajang aturira | sumăngga ing asta kalih | kakang dika tampani | padesan nagri Matarum | ananging maksih bêra | Pamanahan matur inggih | anampani [1: 26] ganjaran bumi Mataram ||
07.007 Sunan Kali angandika | jêbèng Pamanahan nuli | muliha maring Mataram | boyonga saanak rabi | manira angidèni | tuluse dènnya sadulur | lah wus padha karia | manira pan laju mulih | kalihira manêmbah angaras pada ||
07.008 sakundure sang pandhita | Sultan Pajang ngandika ris | inggih kakang Pamanahan | prayogi atur udani | maring kakangbok nênggih | Kalinyamat Nimas Ratu | kang raka aturira | inggih sumăngga sang aji | inggih benjang enjang kewala budhalan ||
07.009 sultan gya kundur ngadhatyan | ginarêbêg para cèthi | Pamanahan nulya mêdal | mantuk mring wismanirèki | wus panggih lan kang rayi | utawi Kiyai Juru | Pamanahan ris nabda | jêng sultan karsanirèki | benjang enjang têdhak maring Danaraja ||
07.010 ing dalu datan winarna | ya ta kawuwusa enjing | jêng sultan miyos ing pura | ginarbêg wadya gêng alit | Pamanahan Pênjawi | tan kari lawan Ki Juru | rikat lampahing wadya | ing marga datan winarni | sampun prapta padhepokan Danaraja ||
07.011 Nimas Ratu Kalinyamat | gupuh amêthuk kang rayi | wus binêkta manjing wisma | satata lênggahirèki | sultan umatur aris | dhuh kakangbok prapta ulun | angaturi uninga | Arya Jipang wus ngêmasi | ing samangkya luwarên subratanira ||
07.012 Nimas Ratu Kalinyamat | mèsêm angandika aris | mring kang rayi Sultan Pajang | yayi sapa kang matèni | kang rayi matur aris | Pamanahan wastanipun | wong kalih lan arinya | ingkang wasta Ki Pênjawi | Kyai Juru ingkang dadya botohira ||
07.013 Nimas Ratu Kalinyamat | lah ing mêngko ana ngêndi | wong têlu kang olèh karya | padha timbalana aglis [1: 27: agli...s] | inggih wontên ing jawi | nulya tinimbalan gupuh | tan dangu praptèng ngarsa | katrinya samya tur bêkti | sawusira atata lênggah ing ngarsa ||
07.014 jêng sultan aris turira | lamun pinarêng ing galih | kawula nuwun wasiyat | kang masthi tilarirèki | dhuwung lan waos nênggih | punika kawula suwun | kang raka aris nabda | iya sakarsanirèki | iya iku wasiyate kakangira ||
07.015 dhuwung pinaringkên nulya | tinampan lajêng winangking | myang waose wus katampan | jêng sultan suka ing galih | ing solah tan winarni | sultan wus pamit kundur |[1] kalilan lajêng budhal | Pamanahan lan Panjawi | datan sarêng lan jêng sultan maskêmambang ||
18–19 dari 241

 


Kurang satu suku kata: jêng sultan wus pamit kundur. (kembali)