Tembang macapat

Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
12 dari 57
39 dari 241
381–390 dari 2.402
12.037 esthanira lir anunggang èsthi | irênging sela wus kadya gajah | roning pandhan ing têpine | kadya palananipun | suluring kang pandhan kang putih | saingga gadhingira | tumêlung ing banyu | Senapati nglês tyasira | laju nendra nèng luhuring sela langking | tan etung pringgabaya ||
12.038 ya ta wau Ki Juru Martani | anèng wisma tan eca tyasira | têngah dalu ing wayahe | sira Kiyai Juru | karsanira mring dalêm puri | prapta jawining lawang | Ki Juru amuwus | hèh kănca kang tunggu lawang | Senapati mangkya pinarak ing ngêndi | matura ingong seba ||
12.039 dasih tunggu kori matur aris | putra tuwan wus dangu wijilnya | ulun tan wikan parane | Kyai Juru gya wangsul | laju arsa ngulati siwi | anjujug ing Nglipuri |[1] datan dangu rawuh | wus ta panggih ingkang putra | Senapati lagya sakeca aguling | anèng sela gêgilang ||
12.040 Kyai Juru Martani lon angling | sutèng ulun kaki Senapatya | têka pijêr eca sare | samana Kyai Juru | aningali luhurirèki | ana lintang gumêbyar | lir baskara murub | agêngira sakalapa | nèng luhuring Senapati dènnya guling [1: 54] | Ki Juru ngungun ing tyas ||
12.041 eram mulat lan tanggêngirèki | ingkang putra anulya ginugah | dhuh kulup tangia age | têka eca aturu | lah dulunên luhurirèki | Senapati Ngalaga | kagyat nulya wungu | tumingal ing luhurira | Senapati mojar apa katon iki | mancorong luhur ingwang ||
12.042 ponang lintang anauri aris | wruhanira ingsun iki lintang | awêwarah sira mangke | gonira amanêkung | amaladi sêmadi êning | anêgês karsaning Hyang | Kang Murwèng Pandulu | wus sêdhênge luwarana | mangkya sira uwus tinarimèng Widhi | apa sasêdyanira ||
12.043 benjang sira jumênêng narpati | nèng Mataram amêngku rat Jawa | sineba ing ratu kabèh | tumêka anak putu | tulus samya mêngku rat Jawi | dadya pandaming jagad | ing saturun-turun | wus têlas pituturira | ponang lintang musna marang awiyati | Senapati sukèng tyas ||
12.044 Kyai Juru Amartani angling | dhuh sutèngsun kaki Senapatya | aywa ujubriya dene | ujaring lintang iku | nora kêna ginawe pasthi | tan kêna tinagiha | yèn malècèng wuwus | pae lan janma manusa | lamun cidra sayêkti kêna tinagih | awit bisa pêpanggya ||
12.045 Senapati sandeya ing galih | amiyarsa andikaning paman | sangsaya kodhêng driyane | wasana aris matur | kadospundi karsanta mangkin | kawula tan lênggana | ing sarèhirèku | pêjah gêsang ulun têmah | Kyai Juru Martani mèsêm nauri | lah iya sutaningwang ||
12.046 durung lêga raose tyas mami | pêsunên manèh sariranira | sun rewangi sira anggèr | têdhanên mring Hyang Agung | [...] | [...] | [...] | kang putra matur sandika | Senapati manêmbah mangkat tumuli | anggêbyur kali Opak [1: 55] ||[2]
39 dari 241

 


1 Biasanya guru lagu a: anjujug ing Nglipura. (kembali)
2 Kurang tiga gatra: ke-5 (9i), ke-6 (7a), dan ke-7 (6u). (kembali)