Tembang macapat

Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
14 dari 57
46 dari 241
451–460 dari 2.402
14.014 Adipati Tuban matur aris | kakang Senapati ing Ngalaga | ulun miyarsa wartane | jêngandika puniku | rêmên miyat wong bêksa rangin | tamèng towok myang pêdhang | Senapati muwus | iya yayi pan mangkana | nanging abdinira wong Mataram lagi | sinaon lan rowangnya ||
14.015 sang dipati ing Tuban turnya ris | ulun darbe abdi tukang bêksa | pinunjul bêksane tamèng | myang towok pêdhangipun | anèng Tuban sampun linuwih | prakosa widikdaya | wasis bêksanipun | dadya paguroning kathah | wus kawêntar ngalahkên wong pitung nagri | mangkya ulun sumăngga ||
14.016 Senapati Ngalaga nauri | mendah baya wongira Mataram | uninga wong bêksa rame | ingkang tuhu pinunjul | ngalahakên wong pitung nagri | saiba rêmênira | yèn bisaa niru | mangkya paran umiringa | wadyanira ingkang bangkit bêksa rangin | inggih tumut sadaya ||
14.017 Adipati Tuban ngandika ris | marang abdinira tukang bêksa | lah payo bêksaa tamèng | si kakang arsandulu | êntèkêna gêlarirèki | sandika kang liningan | gya bêksa mangayun [1: 65] | towok tamènge cinandhak | karya onclang gya binuwang mring wiyati | pan tinadhahan dhadha ||
14.018 kang tumingal samyeram ing galih | miyat pratingkahira kang bêksa | sarosa luwês solahe | sudira dhasar têguh | Senapati suka ing galih | samana ingkang putra | Dyan Răngga umatur | bêbisik marang kang rama | kêdah nuwun anglawani bêksa rangin | nanduki wadya Tuban ||
14.019 Senapati api tan miyarsi | gung jinawil marang ingkang putra | mêksa adrêng panuwune | Dipati Tuban dulu | mring Dyan Răngga solahirèki | dadya matur ing raka | dhuh kakang puniku | putranta nuwun punapa | Senapati mèsêm angandika aris | pan iku sutanira ||
14.020 iya kudu milu bêksa rangin | paripêksa tan wruh ing dêduga | datan rumasa awake | arsa nglawan wong sêpuh | Adipati Tuban lingnya ris | dhuh anggèr putraningwang | ywa nglawan sirèku | sun duga durung kuwawa | apan iku wong Tuban wus tanpa tandhing | Dyan Răngga matur nêmbah ||
14.021 inggih botên nêdya anandhingi | lingsèn karya sinau abêksa | sang dipati èmêng tyase | myat kang putra ambêrung | kadospundi kakang puniki | bok inggih tinurutan | mèn lêga tyasipun | iya kulup abêksaa | hèh wong Tuban apan iku putra mami | ajarên bêksanira ||
14.022 iya nanging ywa sira têmêni | kang liningan umatur sandika | kang putra ingatag age | Dyan Răngga sigra maju | tamèng towok agêmirèki | gotong pat towokira | tamèng gotong pitu | dhasare waja malela | sang dipati ing Tuban ngungun ningali | mring gamane kang putra ||
14.023 salamine pan dèrèng udani | tamèng towok samono gêngira | angunadikèng driyane | tuhu [1: 66: tu...hu] lamun pinunjul | kayaparan tingkahe mangkin | baya luwih sarosa | Dyan Răngga puniku | samana wiwit ambêksa | Radèn Răngga tamèng towoke pinusthi | ingumbulkên mring tawang ||
46 dari 241