Tembang macapat
Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
14 dari 57
47–48 dari 241
464–473 dari 2.402
| 14.027 | radèn putra tan arsa malêsi | maksih eca dènira abêksa | tinêtêpkên wangkingane | Dipati Tuban muwus | Radèn Răngga malêsa nuli | ywa sumêlang tyasira | aran padha têguh | ingsun wus pracayèng sira | wong ing Tuban nuli walêsên dèn aglis | aran padha paguywan || |
| 14.028 | Senapati angandika aris | lah ta kulup nuli amalêsa | aywa pijêr bêksa bae | Rahadèn Răngga gupuh | ngajêngakên mungsuhirèki | tamèng lan towokira | sinèlèhkên gupuh | wong Tuban maksih marjaya | gya winalês tinapuk mukanirèki | kang sawiji tinêpak || |
| 14.029 | sirahira samya nibèng siti [1: 67] | ginosongan marang kancanira | sangêt kantaka kalihe | sadaya eram dulu | mring sêktine rahadèn siwi | giris wadya ing Pajang | myat kadibyanipun | Dyan Răngga tuhu prawira | wong ing Tuban tautate tal sêkti |[1] dumadya tanpa guna || |
| 14.030 | tan winarna rêruncènirèki | Sang Dipati Bênawa myang Tuban | tuwin Măncanagarane | sampun pamitan kundur | sawadyane wus budhal sami | ing marga tan winarna | praptèng Pajang sampun | jêng sultan nuju sineba | Sang Dipati Bênawa laju mangarsi | katri konjêm ing kisma || |
| 14.031 | sang dipati nêmbah matur aris | ulun sampun dinuta mariksa | Senapati pratingkahe | dora kang darbe atur | datan wontên lêbêtirèki | pun kakang Senapatya | mêthuk prapta ulun | wontên dhusun Randhulawang | sabalane miranti sunggata sami | myang sagung paurmatan || |
| 14.032 | datan kêndhat ing samargi-margi | kongsi prapta ing nagri Mataram | datan suda rarênggane | inggih salami ulun | nèng Mataram ing siyang latri | anggung binojakrama | kasukan anutug | sinarudhah ing sakarsa | wadyabala ing Pajang praptèng pakathik | tan wontên kêkirangan || |
| 14.033 | Ki Tumênggung Amăncanagari | nêmbah matur yèn pangraos amba | kados yêkti pambalike | pun Senapati nêngguh | nanging alus tingkahirèki | sagêd akarya gêlar | mirapêt ing sêmu | Dipati Tuban tur sêmbah | kados lêrês putranta pun Senapati | ambalik karsanira || |
| 14.034 | nging watawis kawula upami | Senapati lamun pinapasa | ing ayuda kados mangke | awrat sêsangganipun | Senapati sudira [1: 68: su...dira] sêkti | sabalane prawira | dalah putranipun | pun Răngga dèrèng diwasa | prawirane angungkuli wong sakêthi | pantês kalokèng jagad || |
| 14.035 | Sultan Pajang angungun ing galih | amiyarsa ature kang putra | Dipati Bênawa dene | gèsèh ing aturipun | lawan Tuban Măncanagari | nanging nora pitaya | marang aturipun | Tumênggung Măncanagara | ing salahe dene kasêktènirèki | Senapati wus nyata || |
| 14.036 | sun tuturi Senapati nguni | kala bocah lagya munakawan | anujoni ingsun sare | Senapati atunggu | anèng dagan ingsun aguling | ana taksaka prapta | gêng arsa manaut | maring sun nuli pinancas | ing curiga tugêl gulune ngêmasi | tan ana kang uninga || |
47–48 dari 241
| 1 | Kurang satu suku kata: wong ing Tuban tautate tatal sêkti. (kembali) |