Tembang macapat

Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
19 dari 57
88–89 dari 241
877–886 dari 2.402
19.042 lan wong Pajang Jagaraga | kalawan wong Dêmak ingsun kon kari | mring lakuning putraningsun | nanging ta wêkas ingwang | lamun èstu Senapati lamun cundhuk | Si Tumênggung Alap-alap | bêdhaha ing Ngrawa benjing ||
19.043 yèn Ngrawa iya wis bêdhah | boyongana aja na ingkang kèri | wêlinge nata wus rampung | ya ta kinèn lumampah | samya nêmbah anulya budhalan sampun | datan kawarna ing marga | ing Madiun nulya baris ||
19.044 Ratu Jalu kawarnaa | wus ngaturan uning wong ing Matawis | prapta nagri ing Madiun | Ratu Jalu utusan | dhatêng Surabaya arsa angsung wêruh | yèn wong Mataram wus prapta | arsa gêcak ing Kadhiri ||
19.045 ing Japan lan Wirasaba | Pasuruan Malang prasamya cawis | miwah ing Lumajang iku | lawan ing Kartasona | kawarnaa wong Mataram sampun rawuh | amondhok ing Kartasona | salèr kilèn ing Kadhiri ||
19.046 mujur mangidul barisnya | malah tutug kidul kulon Kadhiri | ing Pakusèn wastanipun | prasamya angrêrayah | wong padesan samya ngungsi kutha sampun | kêbo sapi pinêndhêtan | wong desa prasamya ngili ||
19.047 Ratu Jalu sinewaka | wus andhêndhêng gêgamaning ajurit | para mantrine akumpul | pêpak anèng paseban | namung Senapati ingkang datan rawuh | sayadane lagya lara | pracaya marang kang rayi ||
19.048 kang awasta Saradipa | ingkang kinèn saos ngarsaning aji | Saradipa anèng ngayun- | ira sri naranata | pan ajajar lawan para mantri agung | Ratu Jalu angandika | kakangira anèng ngêndi ||
19.049 Senapati nora seba | Saradipa matur saha wotsari | inggih sangêt [2: 41: sangê...t] sakitipun | pun kakang Senapatya | pan kawula kinèn sowan mring sang prabu | anyadhong karsa narendra | pun kakang pracayèng kami ||
19.050 Ratu Jalu angandika | iya lamun kakangira asakit | mêngko sira ingsun tuduh | sira ngirida wadya | amapaga wong Mataram yudanipun | anuli sira mangkata | angirida wong Kadhiri ||
19.051 lamun sira ngêntènana | ing praptane suruhanira sami | wong Surabaya puniku | sayêktine alawas | atêmahan sira dhewe ingkang lêbur | lah age sira mangkata | ingkang kinon awotsari ||
88–89 dari 241