Tembang macapat

Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
19 dari 57
84–85 dari 241
839–848 dari 2.402
19.004 nagari ing Wirasaba | Kyai Răngga Prêmana kang kinardi | miwah Pasuruanipun | pan sampun tinanêman | Ki Tumênggung Kapulungan wastanipun | kang anèng ing Pasuruan | apan kacarita nguni ||
19.005 anjêjamah samya priya | Kapulungan ingkang kocapa nguni | sampun karta jamanipun | nagara ing brang wetan | ênêngêna kang sampun mêntas tinandur | ya ta wau kawarnaa | nênggih nagari Gêdhiri[1] ||
19.006 wau ingkang kawarnaa | ingkang wasta Senapati Kadhiri | Pagunêman wastanipun | kang aran Saradipa | kang satunggal awasta Kenthol Jajagung | arènipun ragil ika | Kartiwăngsa kang wêwangi ||
19.007 Senapati angandika | Kartiwăngsa paran budinirèki | iya nagara Matarum | yayi saya angrêda | jaman iki sang ulun pan ingêripun | yèn sun rasa atiningwang | jaman wetan iku atis ||
19.008 sarta ujaring wirayat | sun miyarsa mêngko saya kapanggih | yèn sira sêmbadèng kayun | yayi sêdya manira | arsa angawula mring Mataram ingsun | sêdyaningsun tilar praja | iya nagara Kadhiri ||
19.009 lamun ora mangkonoa | nora wurung benjang nagri Matawis | ngalurug mangetan besuk | matur Ki Saradipa | inggih kakang kawula dhatêng tumurut | ing sakarsa jêngandika | datan lênggana ing ati ||
19.010 Senapati angandika | marenea sira Ki Nayakarti | sira mêngko ingsun utus | marang nagri Mataram | aturêna surat ingsun mring sang prabu | lah ta poma wêkas ingwang [2: 36: ing...wang] | dèn katur marang sang aji ||
19.011 ya ta Nayakarti enggal | anampèni sêrat anêmbah amit | Nayakarti lumastantun | ingiring wong sadasa | mêtu jaban kitha aris lampahipun | ya ta wau kawarnaa | ucapên Rajèng Matawis ||
19.012 ri sêdhêng sawêg sineba | para mantrinira samya anangkil | miwah santana tumênggung | sadaya samya seba | Adipati Măndaraka anèng ngayun | lan Dipati Singasêkar | Adipati Mangkubumi ||
19.013 Panêmbahan ing Mataram | putranira sasonga kang winilis | putra-putri tan winuwus | putra jalu kewala | apêpitu kang arsa jinunjung lungguh | sang nata alon ngandika | uwa Măndaraka mangkin ||
84–85 dari 241

 


Kêdhiri. (kembali)