Tembang macapat
Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
21 dari 57
99–100 dari 241
988–997 dari 2.402
| 21.035 | nahan kang baris bang wetan | warnanên Natèng Matawis | apan lagya sinewaka | dene sagung pra dipati | Senapati anangkil | kalawan ta arinipun | kang wasta Saradipa | Jajagung Krêtiwăngsa di | Adipati Măndaraka anèng ngarsa || |
| 21.036 | myang Pangeran Singasêkar | lan Pangeran Mangkubumi | miwah ingkang para putra | pangeran dipati nangkil | Pangran Juminah tuwin | Pangran Pringgalaya wau | Pangran Wiramanggala | Dipati Pugêr nèng ngarsi | tuwin Pangran Têpasona sampun prapta || |
| 21.037 | myang Pangeran Purubaya | wus dangu dènira nangkil | wus samya pêpak sadaya | Panêmbahan ngandika ris | lah jêbèng Senapati | paran karsanira iku | wong wetan wus lumampah | gêgamane paju kalih | iya jêbèng ature wong pajinêman || |
| 21.038 | dene wong wetan karsanya | Mataram pinaju kalih | kang mêtu lèr sapanduman | tindhih dipati ing Gêndhing | ana ing Jatisari | wong wetan gêgaman agung | mêtu kidul saduman | aran Dipati Pasagi | ingkang ngirid nindhihi ing gêgamannya || |
| 21.039 | anèng Ngutêr barisira | lah ta jêbèng Senapati [2: 55: Senapa...ti] | kayaparan karêpira | sapa kang pinapag dhingin | matur Ki Senapati | kawula gusti anuwun | langkung karsa sang nata | kawula darmi nglampahi | parêng botên parênga panuwun amba || |
| 21.040 | kang sinuhun sampun tindak | taksiha wontên jro puri | ngamungna pun Senapatya | ingkang amêthukna jurit | lan sagung putra aji | punika kawula suwun | jênêngana kawula | Panêmbahan ngandika ris | karsaningsun arsa nindaki priyăngga || |
| 21.041 | tur nuwun pun Senapatya | yèn kawula taksih urip | inggih dinamêl punapa | yèn botên ingabên jurit | paran talêsing dasih | yèn botêna sara amuk | kawula lampahana | ajurit pêjah rumiyin | wus kasêdya kawula mantuk antaran || |
| 21.042 | Panêmbahan sukèng driya | ngandika dhuh putra mami | yèn mangkono wong Mataram | padha adandana aglis | sakèhe putra mami | kalawan santananingsun | lumakua sadaya | mèlu marang Senapati | sapangrèhe iku sira lakonana || |
| 21.043 | gêgaman sampun malatar | ing alun-alun Matawis | malah lubèr têkèng pasar | lurung-lurung kêbak baris | sang nata ngandika ris | iya uwis putraningsun | padha sira budhala | sun srahkên maring Hyang Widhi | para putra sadaya wus atur sêmbah || |
| 21.044 | Senapati awotsêkar | Panêmbahan ngandika ris | lah jêbèng dipun prayitna | Senapati awotsari | kawula nuwun gusti | angsala brêkah sang prabu | anulya atêngara | kêndhang gong munya tinitir | kyai bicak tinabuh munya angangkang || |
99–100 dari 241