Tembang macapat

Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
21 dari 57
103–104 dari 241
1.026–1.035 dari 2.402
21.073 wangsul sira Senapatya | kering ing wong magêrsari | pan amung wong kawan dasa | ingkang ngiring Senapati | sigra wau kapanggih | Pasagi sigra gumuyu | gandhèrèh wis amulya | sira anèng ing Matawis | dene sira nora wêruh kabêcikan ||
21.074 prajurit tan wruh ing wirang | kurang apa nèng Kadhiri | têka atinggal pocapan | angawula ing Matawis | kari saanak rabi | desa erahe madulu | sapadhamu tumitah | anêmbah bèbèt wong cilik | baya sira kurang ing pangawulanan ||
21.075 Ki Senapati ngandika | lah iya paman Pasagi | sosodmu jarab uraban | tan pantês rinungu kuping | tan nganggo tan pakèring | mapan iku gustiningsun | sanadyan sun lungaa | iya saka ing Kadhiri | lah cacadên apa ing ala manira ||
21.076 Dipati Pasagi mojar | pagene sira ambalik | nèng Kadhiri kurang apa | kudu ngawula Matawis | kapencut ujar manis | wirayat ing dhisik iku | Mataram wêcanira | ing têmbe amutêr bumi | pan sanadyan mangkonoa kang wirayat ||
21.077 yèn wani mungsuh tan arsa | angawula ing Matawis | dene bobote wong nistha | Senapati anauri | iya Paman Pasagi | angucap tan wruh ing ngèlmu | tan dhêp ajal kamulyan | witing manungsa sayêkti | pan sawiji pan amung Jêng Nabi Adam ||
21.078 apan iya padha tunggal | nora ana gêdhe cilik | atasing padha kawula | apan iya wis pinasthi | marang Hyang Maha Luwih | kênyataaning alaur [2: 61] | aja kakehan ujar | paman dikaparèng ngarsi | lah ta kene aprang tandhing lawan ingwang ||
21.079 Dipati Pasagi mojar | wruhanira Senapati | tan ana anak lan bapa | ing wong padha rêbut singgih | lah payo Senapati | padha prang aja na mundur | ingsun kalawan sira | balane dipun kêjèpi | Senapati kinarubut ing ngakathah ||
21.080 Senapati anarajang | lawan wong ing magêrsari | sarêng anyamêthi kuda | Senapati ngamuk wani | lan wadya magêrsari | singa kang katrajang lêbur | akèh tatu myang pêjah | ya ta Dipati Pasagi | anyamêthi kuda sarwi sumbar-sumbar ||
21.081 hèh gandherah marenea | ingsun mungsuhira jurit | wus tandhing sun lawan sira | ja na mundura sanyari | Senapati anolih | wus liwung pangamukipun | Pasagi sigra numbak | nora pasah Senapati | pining kalih pining tiga tan tumama ||
21.082 Senapati sigra ngucap | lah payo Paman Pasagi | pêkênira têkakêna | karosanira dèn ênting | Adipati Pasagi | panumbakira kasusu | sigra Ki Senapatya | angikal lawungira glis | gya tinumbak Pasagi jajanya bêngkah ||
103–104 dari 241