Tembang macapat

Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
22 dari 57
107–108 dari 241
1.064–1.073 dari 2.402
22.018 pan kawula ingutus rayi paduka | Pangeran Mangkubumi | ngunjukkên uninga | didalêm Senapatya | pêjah sampyuh lan Pasagi | rayi paduka | ngaturkên pati urip ||
22.019 kapracondhang dènira abaurêksa | kêkasih dalêm lalis | kaping dwi kawula | kinèn atura priksa | yèn mêngsah bang wetan gusti | sadaya sirna | sawiji tan na kari ||
22.020 prajurite kêkalih ingkang palastra | nama pun Wiramantri | myang Răngga Jaladra | mustakane tinigas | turipun rayi sang aji | anuwun karsa | kang Sinuwun Matawis ||
22.021 punapa linajêngkên marang bang wetan | klayan malih wêwêling | jisim Senapatya | anuwun karsa nata | pinêtak wontên ing pundi | brastha turira | utusan awotsari ||
22.022 angandika kang sinuhun ing Mataram | duta balia maning | ya Si Răngga Pita | lan kongkonên kang prapta | timbalana ari mami | myang putraningwang | kabèh muliha sami ||
22.023 dene arêp ambanjur marang bang wetan | durung măngsa ing mangkin | ya măngsa wurunga | anglurug mring bang wetan | yèn wis mangsanira benjing | nak putuningwang | kang ngrata tanah Jawi ||
22.024 lan jisime Sena pinêtaka |[1] aran desa Awêdhi | utusan wotsêkar | sigra wau umangkat | sang nata ngandika aris | mring wadyanira | lah mentara dèn aglis ||
22.025 ya warahên rabine Ki Senapatya [2: 66: Senapa...tya] | yèn lakine ngêmasi | padha amapaga | ran desa Wêdhi ika | kang kinon saha wotsari | anulya mangkat | desa Wêdhi wus prapti ||
22.026 wus dhinawuhakên timbalaning nata | mring rabi Senapati | kagèt sira jola | kalara tangisira | wontên putrane pawèstri | wulanjarira | nênggih Ki Mas Balimbing ||
22.027 pan rinangkul mring ibu sarwi karuna | dhuh putuningsun gusti | andêrmata sira | dhihin sira akrama | tan lawas tinilar mati | mêngko ta sira | sapa ta kang ngingoni ||
107–108 dari 241

 


1 Kurang dua suku kata: lan jisime Senapati pinêtaka. (kembali)