Tembang macapat

Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
22 dari 57
106–107 dari 241
1.052–1.061 dari 2.402
22.006 para putra pangamuke kadya wraha | kinarutuk ing bêdhil | sinosog ing tumbak | linêmbing binrangkolang | suligi datan ngabêri | tan na tumama [2: 64] | ngamuk saya nêmêni ||
22.007 wong bang wetan pan akathah ingkang pêjah | miwah ingkang akanin | surake sauran | miyat kadya tangkêba | wong wetan sigra kalindhih | gègèr puyêngan | bangke matumpang tindhih ||
22.008 kang ingêndêl wong Surabaya kèh pêjah | na mantri pêjah kalih | pun Răngga Jaladya | Wiramantri kadwinya | sigra Adipati Gêndhing | Jayalêlana | tandya malik kulambi ||
22.009 palayune anandêr amungkur menda | batur wus tan tinolih | gya kasangsang-sangsang | krungkêb anèng glagahan | rencange samya misuhi | prajurit edan | mring batur wus tan tolih ||
22.010 wong Mataram kèh bathang gêgaman wetan | watang katga myang bêdhil | pêdhang kalataka | sadaya wus lorodan | wong Mataram unggul jurit | makuwon samya | Pangeran Mangkubumi ||
22.011 Pagunêman sêdyarsa budhal cudaka | angaturi udani | mring jêng sri narendra | yèn Senapati pêjah | sampyuh prang lan Ki Pasagi | lan mungsuh wetan | prange sampun kalindhih ||
22.012 prajurite bang wetan kadwi kang pêjah | myarsa Dipati Gêndhing | punika lumajar | kalih Jayalêlana | lan jisime Senapati | sira matura | iya kinubur ngêndi ||
22.013 sigra mentar duta lampahira gancang | mantuk marang Matawis | ing kono kocapa | lampahe Răngga Pita | wus maswèng byantara aji | atur uninga | yèn Senapati lalis ||
22.014 sarêng myarsa Panêmbahan ing Ngalaga | yèn Senapati mati | jêntung sru sungkawa | supe mijil kang waspa | pangungunira tan sipi | amirong ing tyas | dhuh jêbèng Senapati ||
22.015 sun tan nyana yèn sira nuli palastra | ya aku ingkang sisip | purwane pralena | dene bêbadhongira | nalika kala ing nguni | dhuh tanayèngwang | sira ingsun belani [2: 65: be...lani] ||
106–107 dari 241