Tembang macapat
Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
23 dari 57
114–115 dari 241
1.133–1.142 dari 2.402
| 23.036 | mantrinipun samya atur pêksi | tan ana gèsèh samya mangkana | sami wutah prasêtyane | Dipati Pathi muwus | sun tarima sêtyanta sami | winalêsa dening Hyang | sigra nulya mundhut | arta lawan busana |[1] anggêganjar wadyanira wus waradin | tan ana kaliwatan || |
| 23.037 | sigra kinèn atêngara baris | bêndhe tinêmbang munya angangkang | baris sampun pêpak kabèh | bêdhil mariyêm agung | kalantaka bainèt karbin | miwah banderanira | tuwin umbul-umbul | asri lan krapyaking watang | lir samodra bêlabar gêgaman Pathi | lir wukir kawêlagar || |
| 23.038 | ya ta budhal sakèhe kang baris | Adipati Pathi anèng wuntat | ginarêbêg ing wadya kèh | anitih kuda sampun | ingkang wasta pun yudasari | ulês kuning apelag | pinêngangge murup | wadya prasamya prayitna | polahira wong Pathi lir banthèng kanin | anglir wagra tanaya || |
| 23.039 | tan kawarna lampahe wong Pathi | winurcita Sang Rajèng Mataram | sineba ing mantri [2: 76] andhèr | pajinêman gya rawuh | ngarsanira sri narapati | angaturi uninga | dhumatêng sang prabu | rayi paduka Santênan | sampun budhal ing mangke wontên ing margi | anglurug mring Mataram || |
| 23.040 | ya ta ngandika sri narapati | lah sakèhe wadyèngsun Mataram | padha siyagaa kabèh | ngiringa putraningsun | Adipati Anom Matawis | ingsun kinon amapag | wong Pathi prangipun | lan sakèhe pra sêntana | siyagaa sakapraboning ajurit | poma dipun prayitna || |
| 23.041 | Adipati Măndraka turnya ris | kadipundi ing karsa andika | anglampahakên putrane | inggih pangraos ingsun | rayi dika Dipati Pathi | yèn dede jêngandika | tan lawan prangipun | Panêmbahan angandika | inggih uwa putra dika sun prih eling | malah adadi wirang || |
| 23.042 | lah ta wêkas ingsun putra mami | pamanira sira elingêna | Mataram iku darbèke | dene arsa amungsuh | marang ingsun tan sun ladèni | lamun pamanira mêksa |[2] nora gêlêm mundur | têka sira ladènana | ing jurite nanging ta dèn ngati-ati | pamanira prawira || |
| 23.043 | lah ta uwis budhala ta kaki | iki tumbak lah sira agêma | kang putra atur sêmbahe | lumèngsèr saking ngayun | nulya budhal sakèhing baris | lampahipun atata | pan gêgaman agung | tinon [2: 77: tino...n] saking ing mandrawa | kadya arga kawêlagar ingkang baris | tan kawarna ing marga || |
| 23.044 | kawarnaa Adipati Pathi | sampun prapta ing Taji barisnya | Kêmalon pasanggrahane | wong Mataram wus rawuh | Parambanan dènira baris | samana sampun tata | kasaput ing dalu | datan kawarna samana | sarêng enjing Dipati Pathi lumaris | arsa angantêp yuda || |
| 23.045 | kang kocapa gêgaman Matawis | sampun pangkat prayitna ing baya | arsa amapag juride | marang wong Pathi iku | ya ta kandhêg baris Matawis | Pangeran Adipatya | angandika asru | lah sakèhe wong Mataram | ya andhêgên gêgamanira kariyin | sun arsa panggih paman || |
114–115 dari 241
| 1 | Kurang satu suku kata: arta kalawan busana. (kembali) |
| 2 | Lebih satu suku kata: yèn pamanira mêksa. (kembali) |