Tembang macapat

Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
23 dari 57
115–116 dari 241
1.144–1.153 dari 2.402
23.047 Adipati Pathi aningali | sigra tanya marang wadyanira | sapa ta ingkang marene | lan upacaranipun | kèring dening wong magêrsari | apayung kartas jênar | warnane abagus | anulya pinarêpêkan | Adipati [2: 78] ing Pathi awas ningali | kalamun ingkang putra ||
23.048 Adipati Pathi asru runtik | ing tyasira apan sangêt merang | dene ta namung putrane | kang mapag juritipun | pan rumaos dipun bocahi | asru dènnya ngandika | dhatêng atmanipun | lah ta êndi bapakira | lawan sira marene kinèn punapi | kang putra sigra mojar ||
23.049 raka andika gih anèng wuri | pan kawula kang kinèn mêthuka | ing sampeyan parentahe | kawula kinèn matur | jêngandika arsa punapi | lumampah ing Mataram | ngirid wadya agung | pangandikane rakanta | sawarnine nagari Mataram inggih | kagungan jêngandika ||
23.050 Adipati Pathi sigra angling | lah mênênga kaki putraningwang | ingsun wêruh ing galihe | ramanira karuwun | wus basane ngenaki ati | ingsun dèn prih mundura | sun tan nêdya mundur | kulup ta sira balia | ramanira sira konên prapta aglis | ingsun mungsuhe yuda ||
23.051 angandika pangeran dipati | botên purun manira wangsula | raka dika timbalane | yèn dika botên emut | inggih kula kinèn ngladèni | ing jurit jêngandika | kang paman marêngut | dene ta kaliwat-liwat | bapakamu dèngêt le mêjanani |[1] sira kinèn apêrang [2: 79] ||
23.052 apan sira nora sun ladèni | kang sun sêdya saka wismaningwang | bapakira prang lan ingong | rok bănda liru dhuwung | atandhing prang wulêting kulit | ngadu pucuking watang | myang atosing balung | diage sira balia | ramanira ajokna mapag ing jurit | sampyuh prang lawan ingwang ||
23.053 jêng pangeran dipati aruntik | lah ta paman ja kakehan ujar | sigra anyandhak waose | jêng pangran ngêmbat lawung | ingkang paman dipun larihi | kagyat sang adipatya | asru dènnya muwus | hèh ya iki bocah apa | dene bangêt lumuh ingsun karya bêcik | diaglis ge muliha ||
23.054 ingkang putra gya amatang malih | panumbake karasa yèn panas | kang paman sangêt dukane | nyandhak waosira wus | dan winalik buntar kinardi | putranira binuntar | pangran datan emut | rinêbut sagung punggawa | gya rinămpa binakta mundur agipih | mring pasanggrahanira ||
23.055 sêdya arsa utusan kang mantri | mring Mataram angaturi priksa | dhumatêng sri nara katong | yèn kang putra kêsambut | lawane prang Dipati Pathi | ponang cundaka mêsat | gancang lampahipun | ngriku Dipati Santênan | lajêng mundur sagung wadya mantri sami | asoa masanggrahan ||
23.056 Dipati Pathi dangu mring dasih | ya sagunge wadyèngsun [2: 80: wadyèngsu...n] Santênan | prasamya rakit bètènge | lan dèn prayitnèng kewuh | lamun wadya Mataram prapti | angrangsang bitingira | kowe ja na mêtu | pamine dudu kakang mas | andhêlika bae nèng jêroning biting | wadya matur sandika ||
115–116 dari 241

 


Kurang satu suku kata: bapakamu dèngêt le amêjanani. (kembali)