Tembang macapat
Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
25 dari 57
124 dari 241
1.231–1.240 dari 2.402
| 25.038 | pamomonge pangeran duk nguni | tăndha nagri agrong | pan ing mangke jinunjung lungguhe | Adipati ing Pijêr anênggih | wastanira mangkin | janma kèh wus mashur || |
| 25.039 | pan kinarya wau kang pêpatih | parentah ponang wong | wadya Dêmak samya ngèsthi kabèh | Adipati Dêmak wirya mukti | tinimbang Matawis | ing kamuktènipun || |
| 25.040 | nalikanira Dêmak kariyin | kocapa sang katong | ing Mataram sineba wadyandhèr | para santana prasamya maswi | myang para bupati | nèng byantara prabu || |
| 25.041 | wontên [2: 92: wontê...n] ingkang sadhèrèk kêkalih | wragiling sang katong | Mas Têmbaga anênggih namane | Ki Mas Kêdhawung ingkang satunggil | karsanya sang aji | yun jinunjung lungguh || |
| 25.042 | ngandika lon kangjêng sang sri mulki | dhatêng wadya katong | ngèstokêna wadyaningsun kabèh | ariningsun Ki Têmbaga mangkin | sun junjung kang linggih | lan Dhimas Gêdhawung || |
| 25.043 | Ki Têmbaga jênênga dipati | Pugêr karsaningong | Ki Gêdhawung sun paring namane | iya Pangran Dêmang Tanpanangkil | samya angèstuti | wadya ing Matarum || |
| 25.044 | sri narendra angandika malih | marang sagunging wong | kakang êmas ing Dêmak ta mêngko |[1] apa nora suwala ing budi | ing Dêmak nagari | apa ta wus suyud || |
| 25.045 | Martalaya sigra awotsari | matur jêng sang katong | pan kawula miyarsa wartine | inggih sae raka paduka ji | pan sampun akardi | patih namanipun || |
| 25.046 | Tăndhanagara jinunjung linggih | mring raka sang katong | Adipati ing Pijêr wastane | langkung karta sultan sukèng galih | tandya sri bupati | kondur dalêm agung || |
| 25.047 | samya kêbut punggawa kang nangkil | ngriku sang akatong | kang kocapa ing Dêmak ta mangke | adipati pan lagya tinangkil | dene para mantri | pêpak anèng ngayun || |
124 dari 241
| 1 | Biasanya guru lagu e: mêngke. (kembali) |