Tembang macapat
Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
25 dari 57
123–124 dari 241
1.223–1.232 dari 2.402
| 25.030 | inggih kawula gusti tinuding | dening rayi katong | angaturi paduka dèn age | ingantosan wontên ing sitinggil | pangeran wus dugi | ing karsa sang prabu || |
| 25.031 | gya kampuhan wus nitih turanggi | pangeran gya miyos | sêsandêran pan aglis praptane | ing ngarsanira wau kang rayi | jajar dènnya linggih | Măndraka nèng ngayun || |
| 25.032 | angandika kangjêng sri bupati | mring kang raka alon | inggih kangmas paduka ing mangke | darbènana ing Dêmak nagari | nama adipati | ing Dêmak puniku || |
| 25.033 | ingkang raka anuwun nampèni | ing sabda [2: 91: sa...bda] sang katong | wus mupakat ing wadyabala kèh | yèn Pangeran Pugêr asêsilih | jumênêng dipati | ing Dêmak puniku || |
| 25.034 | angandika malih sri bupati | mring kang raka alon | kangmas Pugêr lajênga ing mangke | budhal dhatêng ing Dêmak nagari | sandika dipati | gya salaman sampun || |
| 25.035 | nulya kondur kangjêng sri bupati | malêbèng kadhaton | kang sewaka samya bubar kabèh | adipati ing Dêmak wus prapti | ing dalêmira glis | lajêng dandan sampun || |
| 25.036 | garwa putra wus mrantya prasami | gya budhal ponang wong | tan kawarna ing marga lampahe | ing nagari Dêmak sampun prapti | lajêng sang dipati | narubkên madya gung || |
| 25.037 | wadya Dêmak asuyut prasami | ngidhêp sagunging wong | mring dipati ing Dêmak ta mangke | sakathahing wong Dêmak samya jrih | marang ki dipati | kèh samya anungkul || |
| 25.038 | pamomonge pangeran duk nguni | tăndha nagri agrong | pan ing mangke jinunjung lungguhe | Adipati ing Pijêr anênggih | wastanira mangkin | janma kèh wus mashur || |
| 25.039 | pan kinarya wau kang pêpatih | parentah ponang wong | wadya Dêmak samya ngèsthi kabèh | Adipati Dêmak wirya mukti | tinimbang Matawis | ing kamuktènipun || |
123–124 dari 241