Tembang macapat

Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
25 dari 57
125–126 dari 241
1.243–1.252 dari 2.402
25.050 pan nagari saêlèring wukir | binahaka kang wong | kinon ngidhêpa mring Dêmak kabèh | lan paduka jumênênga aji | mapan tunggil wiji | lan rayi sang prabu ||
25.051 sampun pantês paduka jêng gusti | jumênênga katong | wong kang êlèr paduka ratune | rayi narpa jumênêng Matawis | ing Dêmak narpati | paduka apatut ||
25.052 adipati ing Dêmak sigra ngling | bapa byantu ingong | apan ingsun wus mikir lamine | nanging durung ana kanthi mami | mêngko sira iki | dadi rowang ingsun ||
25.053 langkung suka tyasira dipati | gya jumênêng katong | Dipadi[1] Dêmak langkung sukane | miwah sagung ingkang para mantri | suka tyase sami | sadaya jumurung ||
25.054 angandika sira adipati | kabèh wadyaningong | lah ta sira lungaa dèn age | bapa anêlukna sak lor wukir | konên seba mami | prihên padha suyut ||
25.055 lamun băngga patènana sami | rabine binoyong | wadyanira nulya pamit kabèh | anglampahi parentahing gusti | sampun dèn bahaki | wong salèh ring gunung ||
25.056 ingkang băngga samya dèn pêjahi | rabine binoyong | wus misuwur ing Dêmak balike | Dipati Pajang miyarsa warti | yèn Dêmak wus balik | gya [2: 94] utusan sampun ||
25.057 mring Mataram ngaturi udani | marang jêng sang katong | kang kocapa nagri Matarame | sri narendra wus miyos tinangkil | dene para mantri | paglaran supênuh ||
25.058 pra santana sadaya anangkil | Măndraka tan adoh | Pangeran Mangkubumi jajare | kêlawan Pangeran Singasari | lan Martalaya di | samya munggèng ngayun ||
25.059 kawarnaa duta Pajang prapti | marêk ing sang katong | wus tinata utusan ature | inggih kawula gusti sang aji | wiyose tinuding | dening abdi prabu ||
125–126 dari 241

 


Dipati. (kembali)