Tembang macapat
Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
25 dari 57
127 dari 241
1.261–1.270 dari 2.402
| 25.068 | lawan ingkang wawêlinging nguni | swargi rama katong | kinèn lumrah lawan sadhèrèke | sapa ingkang amiwiti dhingin | nora nêmu bêcik | wasiyat rumuhun || |
| 25.069 | sri narendra angandika aris | wong gandhèk sun kokon[1] | lumakua mring Dêmak dèn age | aturana kangmas mring Matawis | matura yèn mami | liwat onêng ingsun || |
| 25.070 | lan sakèhe wong saloring ardi | aturêna kang wong | cundaka gandhèk atur sêmbahe | wus lumampah tan kawarnèng margi | wus praptèng nagari | ing Dêmak jinujug || |
| 25.071 | kawarnaa dipati anangkil | pêpakan kanang wong | Adipati ing Gêndhing ngarsane | Adipati ing Pijêr tan têbih | wus ngaturi uning | wontên duta rawuh || |
| 25.072 | gya ngandikan duta praptèng ngarsi | umatur wotsinom | gusti lampah kawula kinèngkèn | dening rayi paduka sang aji [2: 96: a...ji] | ingkang salam taklim | katura pukulun || |
| 25.073 | lawan kinon ngaturakên bumi | salèr ngardi kang wong | katura paduka sêdayane | kalih paduka dipun aturi | mring nagri Matawis | sangêt kangênipun || |
| 25.074 | lami datan kêpanggih lan gusti | rayi jêng sang katong | adipati alon ing dêlinge | lah matura marang yayi aji | manira tan apti | lumakwèng Matarum || |
| 25.075 | Adipati ing Gêndhing nambungi | kras ujare sogol | iya ingsun ingkang nora awèh | iya pantês dadia narpati | manira tan ajrih | mungsuh wong Matarum || |
| 25.076 | lah matura cundaka dèn aglis | marang ing sang katong | lamun ingsun ora awèh mangke | adipati angandika aris | warahên mring yayi | ingsun yèn tan purun || |
| 25.077 | êntèkêna wadya ing Matawis | tan lumaku ingong | ponang duta anulya lumèngsèr | tan kawarna ing marga wus prapti | nagari Matawis | ngriku sang aprabu || |
127 dari 241
| 1 | kongkon. (kembali) |