Tembang macapat
Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
25 dari 57
126–127 dari 241
1.256–1.265 dari 2.402
| 25.063 | nadyan mundhuta sakidul wukir | sakèhe ponang wong | iya kangmas sapa gone ngêmpèk | lamun dudu panjênêngan mami | angêmpèka mukti | ingsun ingkang agung || |
| 25.064 | nadyan nagara Mataram iki | darma ingsun momong | kakang êmas iya mèlu darbe | pan ing Dêmak iya ing Matawis [2: 95] | wêlinge rama ji | sun kinon amatut || |
| 25.065 | angandika malih sri bupati | mring Măndraka alon | lah ta eyang karsa kula mangke | kakang êmas manira aturi | marang ing Matawis | lami tan katêmu || |
| 25.066 | lan sakèhe pawarta puniki | manawi tan yêktos | inggih arsa sun yêktèni dhewe | yèn kangmas sun aturi tan prapti | yêktos tan sayêkti | gèn adarbe dulur || |
| 25.067 | Adipati Măndraka turnya ris | dhèrèk karsa katong | tuwin Pangeran Mangkubumine | atanapi Pangran Singasari | turira ngrojongi | sadaya jumurung || |
| 25.068 | lawan ingkang wawêlinging nguni | swargi rama katong | kinèn lumrah lawan sadhèrèke | sapa ingkang amiwiti dhingin | nora nêmu bêcik | wasiyat rumuhun || |
| 25.069 | sri narendra angandika aris | wong gandhèk sun kokon[1] | lumakua mring Dêmak dèn age | aturana kangmas mring Matawis | matura yèn mami | liwat onêng ingsun || |
| 25.070 | lan sakèhe wong saloring ardi | aturêna kang wong | cundaka gandhèk atur sêmbahe | wus lumampah tan kawarnèng margi | wus praptèng nagari | ing Dêmak jinujug || |
| 25.071 | kawarnaa dipati anangkil | pêpakan kanang wong | Adipati ing Gêndhing ngarsane | Adipati ing Pijêr tan têbih | wus ngaturi uning | wontên duta rawuh || |
| 25.072 | gya ngandikan duta praptèng ngarsi | umatur wotsinom | gusti lampah kawula kinèngkèn | dening rayi paduka sang aji [2: 96: a...ji] | ingkang salam taklim | katura pukulun || |
126–127 dari 241
| 1 | kongkon. (kembali) |