Tembang macapat

Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
26–27 dari 57
134–135 dari 241
1.337–1.346 dari 2.402
26.062 apan ta samya waradin | prasamya suka sadaya | sami runtut sadayane | Jêng Pangeran Pringgalaya [2: 106] | ngaturakên prasêtya | mring kang raka sang aprabu | yèn kawula anêdyaa ||
26.063 yèn ngangkah kraton sang aji | lawan saturun kawula | mugi cêndhaka yuswane | yèn têksih turun sang nata | anak putu kawula | yèn sêdyaa arsa mungsuh | gih sampuna murah arja ||
26.064 panuwun amba sang aji | turun kawula sadaya | sampun têbih têdhak rajèng | tumuta mukti wibawa | wontên ing tanah Jawa | ngandika ingkang sinuhun | lah yayi ingsun tarima ||
26.065 sinêksènana Hyang Widi | ing saturun-turunira | ing têmbe dadi kanthine | turunku kang madêg nata | lamun ora uninga | tan arja ing jênêngipun | măngsa bêcikna nagara ||
26.066 ingkang rayi awotsari | anulya kondur sang nata | malêbêt ing jro kadhaton | ingiring para biyada | manggung tuwin bêdhaya | kangjêng sultan sampun rawuh | pinêthuk garwa sarkara ||
27. Dhandhanggula
27.001 lah ing ngriku Jêng Sultan Matawis | kocapa Dipati Jayaraga | kang rayi kangjêng sang katong | sinung lêlungguh agung | pan nagara ing Pranaragi | pan anèng Jagaraga | sabupatènipun | inggih pan dadya ganjaran | kangjêng sultan kêlangkung dènira asih | mring Pangran Jagaraga ||
27.002 pan winênang akarya pêpatih | kêlawan ingiring payung bawat | sakawan gandhaga lante | nênggih pamomongipun | apan Răngga ing Pranaragi | mantrinira sadaya | punika ingetung | Ngabèi Malangsumirang [2: 107] | Nayahita lawan Panji Wirabumi | miwah ingkang lêlurah ||
27.003 Gêniroga wastane anênggih | lawan sira Ki Surănggamarta | Ki Lumaju katigane | Soda sêkawanipun | Mangkudirja gangsale nênggih | nêm Andakawana |[1] sapta Darpa iku | asthanya Wirasêtika | nawanira pan kadwi Răngga Sumêngit | dasa Sang Cakrawăngsa ||
27.004 kang sakawan payung bawat sami | pan sadasa ing lêlurahira | prasamya alinggih lante | lêlurah patang puluh | pan walulang ingkang lêlinggih | kathahipun kapêdhak | dwi biting puniku | kêjawi lêlurahira | para mantri pangarsa datan kawilis | pêpak dènnya sumewa ||
27.005 marmanira risang Adipati | Jagaraga agêng galihira | kalimput dening kamuktèn | angrasa lamun purun | amêngsaha raka narpati | ya ta miyos sineba | ing pasowanipun | apan mantrine sêdaya | lêlurahe pêpak prasamya anangkil | dipati angandika ||
134–135 dari 241

 


Kurang satu suku kata: ênêm Andakawana. (kembali)