Tembang macapat

Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
3 dari 57
6–7 dari 241
60–69 dari 2.402
03.021 Ki Pênjawi Pamanahan | samya ngingêr krisirèki | asasmita mring jêng sultan | wêntise kiwa jinawil | sultan gya narik aglis | curiganira Ki Crubuk | sarya sru angandika | adhi tan kadya puniki | Si Carubuk ampuhe kagila-gila ||
03.022 samya angliga kalihnya | Sunan Kudus sigra mijil | lah iki arsa punapa | wong agung kaya bêlantik | padha sarungna aglis | saru tinonton ing wadu | gya sinarungkên samya | Pangeran Jipang [1: 11: Ji...pang] ngling aris | kurang thithik bae ingsun karya răndha ||
03.023 jêng sultan mangsuli sabda | ingsun iya kurang thithik | awèh pakan pêksi gagak | samana Radèn Ngabèi | Loringpasar miyarsi | ujar tan eca rinungu | lir sinêbit karnanya | anggigit wajanirèki | gung pinandêng solahe Arya Panangsang ||
03.024 angunadika ing driya | nora gêjamak wong iki | kaya wong lanang priyăngga | tan ana ingkang kinèring | ngong mamah kupingnèki | yèn aywa nèng ngarsanipun | Sunan Kudus punika | sang pandhita ngandika ris | dèn aririh aywana saru ing ujar ||
03.025 payo padha pagunêman | surasaning ngèlmu gaib | mupung nuju apêpanggya | anulya saosan mijil | kinèn dhahara sami | nèng ngarsane Sunan Kudus | anutug dènnya nadhah | wusnya linorod mring wuri | wus binagi marang wadyabalanira ||
03.026 sawusira sami nadhah | pamit amakuwon sami | ing antara tigang dina | praptanira Kyana Patih | Măncanagara nênggih | angirid punggawanipun | para mantri satriya | sarta kapraboning jurit | tigang lêksa wadya dharat myang turăngga ||
03.027 kajawine pra dipatya | măncanagara pasisir | gumrêdêg tanpa wilangan | samana sri narapati | ngalih pakuwonnèki | marang bumi Dêmak sampun | ing dhusun Pajungutan | lor wetaning kutha nênggih | ambalabar wadya punggawa ing Pajang ||
03.028 wadyane Ki Pamanahan | wong ing Sela kathah prapti | apan samya winangsitan | sanengga kaprabon jurit | mangkana sri bupati | karsa tinjo kang bak ayu | mring wukir Danaraja | lawan sawadyanirèki | gumarêdêg wus praptèng patapanira ||
03.029 Nimas Ratu Kalinyamat [1: 12] | samana sri narapati | duk tumingal ingkang raka | dèrèng luwar dènnya tapi | sangêt ngunguning galih | dènnya maksih sinjang rambut | kang rayi aris turnya | kakang bok luwara nuli | angandika Nimas Ratu Kalinyamat ||
03.030 ing benjang manira luwar | yèn wus ana kang nanggupi | matèni Si Arya Jipang | yèn durung tan arsa tapih | sanadyan praptèng pati | ingkang rayi aris matur | inggih kang bok luwara | kawula ingkang nyagahi | lawan nuli kundura mring Kalinyamat ||
6–7 dari 241