Tembang macapat

Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
3–4 dari 57
7–8 dari 241
66–75 dari 2.402
03.027 kajawine pra dipatya | măncanagara pasisir | gumrêdêg tanpa wilangan | samana sri narapati | ngalih pakuwonnèki | marang bumi Dêmak sampun | ing dhusun Pajungutan | lor wetaning kutha nênggih | ambalabar wadya punggawa ing Pajang ||
03.028 wadyane Ki Pamanahan | wong ing Sela kathah prapti | apan samya winangsitan | sanengga kaprabon jurit | mangkana sri bupati | karsa tinjo kang bak ayu | mring wukir Danaraja | lawan sawadyanirèki | gumarêdêg wus praptèng patapanira ||
03.029 Nimas Ratu Kalinyamat [1: 12] | samana sri narapati | duk tumingal ingkang raka | dèrèng luwar dènnya tapi | sangêt ngunguning galih | dènnya maksih sinjang rambut | kang rayi aris turnya | kakang bok luwara nuli | angandika Nimas Ratu Kalinyamat ||
03.030 ing benjang manira luwar | yèn wus ana kang nanggupi | matèni Si Arya Jipang | yèn durung tan arsa tapih | sanadyan praptèng pati | ingkang rayi aris matur | inggih kang bok luwara | kawula ingkang nyagahi | lawan nuli kundura mring Kalinyamat ||
03.031 nimas ratu angandika | lamun sira wus nanggupi | ingsun luwar tapaningwang | ing mêngko ngong nganggo tapih | naming saguhirèki | dèn nuli kalakonipun | mas ratu gya sinjangan | kang rayi nulya ngabêkti | Ki Pênjawi Pamanahan milya nêmbah ||
03.032 kang raka malih ngandika | yèn ingsun sira kon mulih | iya marang Kalinyamat | kakangira salah siji | Pamanahan Pênjawi | angatêrna lakuningsun | inggih dhatêng sumăngga | sang nata nolih ing wuri | lah ki raka Pênjawi andhèrèkêna ||
03.033 kang liningan tur sandika | anulya umangkat nuli | andhèrèk mring Kalinyamat | ing marga datan winarni | ya ta sri narapati | kundur mring pakuwonipun | nimbali kyana patya | lan sagung para bupati | agêng alit supênuh kadya sarkara ||
4. Dhandhanggula
04.001 pêpak samya sumiwèng ngarsa ji | pra bupati tinari sadaya | kang saguh matèni mangke | mring Arya Jipang iku | ingkang pêksa anglêlanangi | yèn mati Arya Jipang | sayêmbaraningsun | pan ingsun ganjar nagara | ing Mantaram iya kalawan ing Pathi | kalamun olèh karya ||
04.002 iya apa panjalukirèki [1: 13: panjaluki...rèki] | duk samana punggawa ing Jipang | kang samya tinari kabèh | tan wontên ingkang purun | ananggupi dhawuhing aji | awit Ki Arya Jipang | pan sampun misuwur | kaprawiraning ayuda | tanpa tandhing tautate tatal wani | kasab lêmbut tan kewran ||
04.003 kongsi lami tan ana nanggupi | ya ta Ki Pênjawi Pamanahan | katri kalawan ipene | sira Kiyai Juru | nèng pakuwon rêmbagan sami | ing sayêmbaranira | kangjêng sultan wau | katrinya angrasa wirang | de sadaya tan ana ingkang nanggupi | matèni Arya Jipang ||
7–8 dari 241