Tembang macapat

Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
33 dari 57
151–152 dari 241
1.508–1.517 dari 2.402
33.010 pan wong wetan tinêrajang tinulakan | samya kagum kang jurit | angiwut kewala | gènnya amalês yuda | mapan nora angudhili | sampun kapapan | prajurite kèh ênting ||
33.011 Adipati ing Japan tumingal wadya | yudane wus kalindhih | sigra nyandhak tumbak | angêtab kang turăng |[1] sampun anêrajang baris | sigra sêsumbar | lah kêmbulana mami ||
33.012 iya ingsun kang aran Dipati Japan | Madiun asal mami | kang aran Mas Lonthang | lah mara kêmbulana | ing kene padha dipati | ingkang katrajang | bubar kathah wong kanin ||
33.013 Ki Dipati Martalaya sigra ngatag | marang sagunging dasih | kroyokên dèn inggal | iku bubuhanira | para mantri maju aglis | Dipati Japan | kinarubut ing bêdhil ||
33.014 pangamuke pan kadya wagra tanaya | binendrong dening bêdhil | sinosog ing katga | dipatya nora pasah | sigra dipun brangkolangi | ginutuk sela | ginitik popor bêdhil ||
33.015 kadar [2: 137: ka...dar] pira kuwate janma sajuga | wadya tan anulungi | Dipati ing Japan | niba saking ing kuda | ginêbug kinrocok lêmbing | sampun pralaya | wong wetan aningali ||
33.016 ki dipati Kapulungan duk tumingal | Dipati Japan lalis | micorèng jro nala | tan luput kiraningwang | atèningsun sênak-sênig | mêngko ta apa | kang wani banjur mati ||
33.017 lah ta bocah payo mundur dèn agancang | sapa ngalêm yèn mati | yêkti nora nana | sapa yitna yuwana | kudanira dèn camêthi | Ki Kapulungan | sarwi malik kulambi ||
33.018 wong Mataram samya amburu sadaya | wong wetan dèn tumbaki | prajurit kèh pêjah | Dipati Surabaya | prajurite wus angisis | sigra lumajar | playune lonjong mimis ||
33.019 Adipati Tuban wau wus tumingal | saking luhuring èsthi | wong wetan kasoran | sampun tumurun sigra | kudanira dèn titihi | sigra lumajar | pingitan tan tinolih ||
151–152 dari 241

 


Kurang satu suku kata, dan biasanya guru lagu a: angêtab kang turăngga. (kembali)