Tembang macapat

Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
33 dari 57
153–154 dari 241
1.525–1.534 dari 2.402
33.027 lah pêtakên nèng Butuh tunggalna Sultan | Pajang iku dèn aglis | iku wong prawira | tan arsa cidrèng baya | sêsanggupe dèn kurêbi | pantês tinêpa- | têpa dening kang kèri ||
33.028 kangjêng sultan sigra anêmbang têngara | ingsun bubar ing mangkin | mulih mring Mataram | pan sampun atêngara | sadaya kang ponang baris | bubar atata | lampah pêpanthan sami ||
33.029 tan kawarna ing marga pan sampun prapta | jro kitha ing Matawis | sigra anggêganjar | tan kawarna laminya | wêtara samadya sasi | sri naranata | sineba dening mantri ||
33.030 kangjêng sultan ngandika mring Martalaya | Jayasupănta tuwin | sira lumakua | marang Nglasêm nagara | sakancanira [2: 139: sa...kancanira] panumping | sira ajaka | lan bala sanagari ||
33.031 [...] | [...] | sigra Martalaya | sampun amit tur sêmbah | wong panumping pêpak baris | tumya budhal |[1] tan kawarna ing margi ||[2]
33.032 sampun prapta ing Pathi para dipatya | Martalaya nimbali | wong Pathi wus dandan | dipatine wus budhal | tan dangu dènnya lumaris | datan kawarna | ing marga sampun prapti ||
33.033 ing nagara Nglasêm sampun mêkajangan | nênggih Dipati Pathi | kidul kilèn kitha | dènnya amasanggrahan | dene wadya ing Matawis | kiduling kitha | atêpung ingkang baris ||
33.034 pan nagari ing Nglasêm sampun kinêpang | wong Nglasêm pan atintrim | ngrasa yèn kasoran | tan purun mêtonana | anulya kasaput wêngi | bupatènira | ing Nglasêm angoncati ||
33.035 wadya alit pan samya mêdal sadaya | ngungsi gêgaman Pathi | swaranira umyang | wong Mataram miyarsa | yèn jro kitha gègèr mangkin | panyananira | bêdhah dening wong Pathi ||
33.036 wong Mataram prasamya apirêmbagan | arsa angrangsang biting | pan sampun raina | sadaya wus sumêkta | kutha sampun dèn lêboni | nora antara | tumbake dèn bongkoki ||
153–154 dari 241

 


Kurang satu suku kata: tumulya budhal. (kembali)
Kurang dua gatra: ke-1 (12a) dan ke-2 (7i). (kembali)