Tembang macapat

Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
33 dari 57
152–153 dari 241
1.520–1.529 dari 2.402
33.022 wong Mataram amburu Dipati Tuban | saparane dèn ungsir | nitih kuda pêthak | pinênganggenan giwang | marmanipun dèn balêdig | têmah kêcandhak [2: 138: kêcandha...k] | aniba sing turanggi ||
33.023 Adipati Tuban nusup gêlagahan | sambate kadya grimis | dhuh dubilah setan | dene nora kayaa | wong Mataram anêmêni | baya tan wruha | lamun ingsun priyayi ||
33.024 kang turăngga kacandhak mring wong Mataram | sigra dipun tumpaki | nulya mundur sigra | sarwi ngiringkên liman | dipăngga dipun tumpaki | kêlangkung suka | kabèh wadya Matawis ||
33.025 sampun katur sadaya ingkang bandhangan | dhatêng sri narapati | miwah kang pingitan | sampun katur sadaya | Martalaya matur aris | lan Jasupănta | angaturakên jisim ||
33.026 Adipati Japan jisime binakta | wus katur sri bupati | jêng sultan ngandika | lah ta sira jokêna | Ki Japan iku kang jisim | pan sampun prapta | jisim ngarsaning gusti ||
33.027 lah pêtakên nèng Butuh tunggalna Sultan | Pajang iku dèn aglis | iku wong prawira | tan arsa cidrèng baya | sêsanggupe dèn kurêbi | pantês tinêpa- | têpa dening kang kèri ||
33.028 kangjêng sultan sigra anêmbang têngara | ingsun bubar ing mangkin | mulih mring Mataram | pan sampun atêngara | sadaya kang ponang baris | bubar atata | lampah pêpanthan sami ||
33.029 tan kawarna ing marga pan sampun prapta | jro kitha ing Matawis | sigra anggêganjar | tan kawarna laminya | wêtara samadya sasi | sri naranata | sineba dening mantri ||
33.030 kangjêng sultan ngandika mring Martalaya | Jayasupănta tuwin | sira lumakua | marang Nglasêm nagara | sakancanira [2: 139: sa...kancanira] panumping | sira ajaka | lan bala sanagari ||
33.031 [...] | [...] | sigra Martalaya | sampun amit tur sêmbah | wong panumping pêpak baris | tumya budhal |[1] tan kawarna ing margi ||[2]
152–153 dari 241

 


Kurang satu suku kata: tumulya budhal. (kembali)
Kurang dua gatra: ke-1 (12a) dan ke-2 (7i). (kembali)