Tembang macapat

Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
33–34 dari 57
153–154 dari 241
1.528–1.537 dari 2.402
33.030 kangjêng sultan ngandika mring Martalaya | Jayasupănta tuwin | sira lumakua | marang Nglasêm nagara | sakancanira [2: 139: sa...kancanira] panumping | sira ajaka | lan bala sanagari ||
33.031 [...] | [...] | sigra Martalaya | sampun amit tur sêmbah | wong panumping pêpak baris | tumya budhal |[1] tan kawarna ing margi ||[2]
33.032 sampun prapta ing Pathi para dipatya | Martalaya nimbali | wong Pathi wus dandan | dipatine wus budhal | tan dangu dènnya lumaris | datan kawarna | ing marga sampun prapti ||
33.033 ing nagara Nglasêm sampun mêkajangan | nênggih Dipati Pathi | kidul kilèn kitha | dènnya amasanggrahan | dene wadya ing Matawis | kiduling kitha | atêpung ingkang baris ||
33.034 pan nagari ing Nglasêm sampun kinêpang | wong Nglasêm pan atintrim | ngrasa yèn kasoran | tan purun mêtonana | anulya kasaput wêngi | bupatènira | ing Nglasêm angoncati ||
33.035 wadya alit pan samya mêdal sadaya | ngungsi gêgaman Pathi | swaranira umyang | wong Mataram miyarsa | yèn jro kitha gègèr mangkin | panyananira | bêdhah dening wong Pathi ||
33.036 wong Mataram prasamya apirêmbagan | arsa angrangsang biting | pan sampun raina | sadaya wus sumêkta | kutha sampun dèn lêboni | nora antara | tumbake dèn bongkoki ||
33.037 pan wong Nglasêm apan kadya rêranjapan | pinaro lan wong Pathi | boyongan sadaya | binakta mring Mataram | sigra bubar ingkang baris | datan kocapa | ing marga sampun prapti ||
33.038 ing Mataram tan kawarna ari Soma | jêng sultan gya tinangkil | pêpak kang punggawa | miwah para santana | Jasupănta sampun prapti | Ki Martalaya | ing Pathi anèng wuri ||
34. Pangkur
34.001 wong agung tiga [2: 140] wus prapta | ing ngajêngan mungging ngarsa sang aji | sawadyanira wus rawuh | samya marêk jêng sultan | sampun katur boyongan marang sang prabu | kalangkung suka jêng sultan | anganam dhatêng sang rayi ||
153–154 dari 241

 


Kurang satu suku kata: tumulya budhal. (kembali)
Kurang dua gatra: ke-1 (12a) dan ke-2 (7i). (kembali)