Tembang macapat
Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
34 dari 57
156 dari 241
1.551–1.560 dari 2.402
| 34.015 | barise samya balabar | wong Mataram samya ngêpung nagari | mondhok êlor lawan kidul | sakidule ing kitha | tinuguran namung ingkang kilèn suwung | iku nora tinuguran | dene wong agung Matawis || |
| 34.016 | Ki Tumênggung Kapulungan | atêtêgar sarwi ngidêri baris | asru dènira amuwus | sira wong Pasuruan | sesuk esuk sira sun ajak umagut | mêtoni ing pabarisan | sira ingsun ajak mati || |
| 34.017 | sampuning dalu samana | dintênipun malêm Jumungah Lêgi | yèn angucapa ing kalbu | Tumênggung Kapulungan | kaya ngapa yèn ingsun apranga besuk | kalawan wadya Mataram | măngsa ngudhilana sami || |
| 34.018 | yèn wong Mataram anăngga | padha kèhe ingsun datan ngudhili | duk Pasiwalan rumuhun | ing mêngko pan sapala | suprandene binuru kapêntut-pêntut | nora kêna ginagampang | pan ingsun kêpesing-pesing || |
| 34.019 | mêngko maning yèn mênanga | mapan ingsun mêngko kèri prajurit | wong Mataram baris agung | angur ingsun oncata | yèn tan yitna pasthi cêndhak umur ingsun | lah bojo padha dandana | payo lunga têngah wêngi || |
| 34.020 | Ki Tumênggung Kapulungan | amung warah wadyane dèn apusi | wong Pasuruan sadarum | sira [2: 143] padha dandana | payo mangsah amêtoni têngah dalu | ngamuk baris wong Mataram | kacèk sira wong sathithik || |
| 34.021 | wong Mataram yêkti kathah | lamun sira narajanga ing latri | pasthi yèn sira kêcakup | mungsuhira awêndran | wong Mataram payo ta ingamuk dalu | pasthi yèn kagus sadaya | dadya rusak wong Matawis || |
| 34.022 | têka tinonton kewala | sinurakan saking lor kidul pêsthi | wong Mataram samya bingung | anuli tinarajang | tinumbakan kèh mati kang gêsang mlayu | angrasa yèn tan kuwawa | marang sira takut sami || |
| 34.023 | prajurit sigra adandan | amituhu saparentahing Gusti | ki tumênggung sampun mundur | busana sarwi nabda | lah ta bojo apa wis dandan sadarum | payo ta anuli budhal | gêgendhonga dipun aglis || |
| 34.024 | lan sangua sêga wadhang | aja kèri lombok uyah lan trasi | sêga aking aja kantun | sun jaluk sagembolan | bokmanawa apisah anèng dêlanggung | iya sak wis angandhuta | nora sumêlang ing ati || |
156 dari 241