Tembang macapat
Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
34 dari 57
157–158 dari 241
1.564–1.573 dari 2.402
| 34.028 | wong Pasuruan duk miyat | yèn gustine palayune anggêndring | amangulon paranipun | kalawan garwanira | pan sadaya wong Pasuruan mêmisuh | lah gusti kêna ing sibat | gene ingsun dèn apusi || |
| 34.029 | wong Pasuruan sadaya | sami wangsul angrêbat anak rabi | wadya Mataram andulu | anulya tinurutan | pan kêcandhak sajabaning kuthanipun | apan sami tinumbakan | wong Pasuruan kèh mati || |
| 34.030 | kang katungkêp lawang kitha | duk samana dalu wuwusên enjing | wong Mataram ngrampit sampun | sami angrangsang kutha | amarêngi Jumungah ing dinanipun | bêdhah kitha Pasuruan | gumuruh swaraning tangis || |
| 34.031 | wus malêbu wong Mataram | ing jro kitha rêbut jarahan sami | prasamya binakta mêtu | kutha sampun ingobar | pawèstrine pan sama[1] binoyong sampun | mring sagung wadya Mataram | Kapulungan dèn tututi || |
| 34.032 | ing Bandhung gènnya kêcandhak | Ki Tumênggung Kapulungan ningali | yèn wong Mataram amburu | kudanira kinêtap | pan kajêblos anênggih kapale rubuh | Ki Kapulungan malumpat | sêga garing kocar-kacir || |
| 34.033 | lumayu akêkapalan | semahira kang tumut mung satunggil | kabèh kèri wismanipun | nênggih sampun katawan | kudanira anêgih[2] sampun rinêbut | Kapulungan [2: 145: Kapu...lungan] wus dèn bêdhag | lumayu aniba tangi || |
| 34.034 | nusup anèng gêlagahan | sêsambate astafirlah sun mati | iya rabil ngalaminu | têka ngêlèh rêp mangan | apa isih sêga aking ingsun mau | dhuh dene nora kayaa | sêga aking kocar-kacir || |
| 34.035 | jaran ilang tuwin somah | sêga aking de nora ana kari | adhuh apa kang sun mut-mut | nganiaya ta sira | ngudubilah pamburune wong Matarum | tan lêga yèn sun tan kêna | pan nora idhêp sun pyayi || |
| 34.036 | wong Mataram pan kelangan | samya bali mung bojone kang kèri | binakta lan jaranipun | wus prapta pamondhokan | sampun katur wau mring bupatinipun | prasami andum jarahan | sakèhing para bupati || |
| 34.037 | sira Arya Jasupănta | sampun bubar nglampahi ingkang wêling | ing karsa ingkang sinuhun | prapta ing Jurangpalwa | arêrangkah anèng ing jurangparau | wong Mataram sampun bubar | sakèh wong liwat tan kêni || |
157–158 dari 241
| 1 | sami. (kembali) |
| 2 | anênggih. (kembali) |