Tembang macapat

Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
34 dari 57
158–159 dari 241
1.575–1.584 dari 2.402
34.039 Ki Dipati Martalaya | aris mojar kadipundi puniki | Jasupănta karsanipun | têka nèng Jurangpalwa | wong Mataram sadaya tan wèh lumaku | Pangran Dipati Purbaya | anênggih ngandika [2: 146: ngandi...ka] aris ||
34.040 têka ewuh karsaningwang | yèn ana karsa dalêm mring mami |[1] iya matêdhani bantu | tumêka Pasuruan | sayêktine angsung surat marang ingsun | Dipati Mandura mojar | apa karêpe puniki ||
34.041 têka ngadhangi ing dalan | yêkti nêkakakên jaman tan bêcik | lah aja kakehan padu | gih nêdha tinarajang | Jêng Pangeran Purbaya ngandika arum | lah ta kakang ing Mandura | mangke manira tuturi ||
34.042 yèn Ki Arya Jasupănta | boya wani yèn karsane pribadi | ing mangke pandugèningsun | karsane kangjêng sultan | Jasupănta atugur nèng Jurangprau | angadhangi wong Mataram | kaya pa gènira wani ||
34.043 tuduh Jêng Sultan Mataram | pan atugur ing Jurangpalwa iki | Kya Mandura kaduwung |[2] gènira darbe ujar | Ki Ngabèi Singawadana angrungu | tan pakèring gèn micara | anulya budhal rumiyin ||
34.044 Ngabèi Singawadana | sampun prapta ing Jurangpalwa nênggih | Arya Mandura tinutur | wau ayun angrunjang | Jasupănta alon dènira amuwus | lah apa karane gagal | nora ngrunjang iku wingi ||
34.045 lah ta ing wêruhanira | gèn sun tugur kakang wontên ing ngriki | karsa dalêm kang sinuhun | Ki Arya Jasupănta | nulya bubar saking ing Jurangparau | wong Mataram samya liwat | mantuk dhatêng ing Matawis ||
34.046 Jasupănta sampun prapta | pan wus katur solahira ing nguni | awon lawan awonipun | katur dhatêng sultan [2: 147] |[3] wong Mataram sadaya pan sampun rawuh | ngaturakên bêboyongan | sri narendra suka ngênting ||
34.047 datan kawarna laminya | Kangjêng Sultan enjing miyos tinangkil | Ki Tumênggung Singaranu | katur kangjêng sri nata | inggih mangke wong Pajang kawula ngrungu | bêbesanan lawan Tuban | ngandika Sultan Matawis ||
34.048 lah ta apa rinasanan | măngsa paman sumêdya wani mami | Jasupănta nêmbah matur | rumiyin Pasêdhahan | Adipati Mandura arsa anêmpuh | inggih dhumatêng kawula | ngandika sri narapati ||
158–159 dari 241

 


Kurang satu suku kata: yèn anaa karsa dalêm mring mami. (kembali)
Kurang satu suku kata: Kyai Mandura kaduwung. (kembali)
Kurang satu suku kata: katur dhatêng jêng sultan. (kembali)