Tembang macapat

Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
34 dari 57
154–155 dari 241
1.539–1.548 dari 2.402
34.003 datan kawarna laminya | kangjêng sultan enjing miyos tinangkil | pêpak wadyabalanipun | tuwin para santana | Nyi Tumênggung Singaranu munggèng ngayun | Ki Dipati Martalaya | tan têbih munggeng ngarsa ji ||
34.004 kangjêng sultan lon ngandika | lah ta kakang Martalaya dèn aglis | sira sun tuduh anglurug | marang nagri bang wetan | Pasuruan sira bêdhaha rumuhun | sakèhe para bupatya | kabèh milua ywa kèri ||
34.005 yèn wis prapta Pasuruan | ya sakèhe sêntananingsun sami | mondhoka sawadyanipun | sakidule ing kitha | kakang Martalaya amondhoka iku | sakidul wetaning kutha | lan wong Pajang ja na têbih ||
34.006 Si Tumênggung Alap-alap | lan Ngabèi Tawangan iku sami | sabature aywa kantun | mondhoka loring kutha | lamun sira têka Pasuruan besuk | ajagan dina Jumungah | gonira angantêp jurit ||
34.007 lah ta sira budhalêna | Adipati Martalaya wotsari | pra santana amit sampun | sadaya [2: 141] sigra budhal | wong Mataram mangkat saking alun-alun | amondhok jawining kitha | nganti pêpake wadya lit ||
34.008 anulya budhal sadaya | Adipati Pajang sampun cumawis | gêgamanira ngêndhanu | sigra mangkat sadaya | wus lumampah kocapa wau sang prabu | pinarak nèng kamandhungan | Jasupănta dèn timbali ||
34.009 sapraptanira ngajêngan | kangjêng sultan sigra ngandika aris | Jayasupănta sun utus | sumusula mangetan | iya sira dadia paningal ingsun | jênêngana wong Mataram | kang ala lawan kang bêcik ||
34.010 aja sira mèlu aprang | tingalana solahe wong Matawis | yèn aprang katara iku | kang bêcik lan kang ala | yèn wis bêdhah Pasuruan glisa mundur | lawan sira rêrangkaha | jurang palwa dèn abêcik ||
34.011 sakathahe wong Mataram | aywa awèh liwat jabaning baris | dene yèn ana kang purun | anarajang mring sira | nora têmên wong mau ngawula mring sun | anuli sira muliha | mring Mataram dipun aglis ||
34.012 lah uwis sira mangkata | Jasupănta sigra dènnya wotsari | budhal sagêgamanipun | anusul mring bang wetan | tan kawarna ing marga datan winuwus | gêgaman wetan ing Pajang | Jasupănta wus kapanggih ||
154–155 dari 241